Yoon Eun Hye

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yoon, Eun-Hye (윤은혜)

Asma wiyosan Yoon, Eun-Hye (윤은혜)
Miyos ( 1984-10-03 ) Oktober 3, 1984 (umur 39)
Seoul , Korea Kidul
Pakaryan Aktris , Penyanyi , Model
Taun aktif 1998 - saiki

Yoon Eun-Hye (lair ing Seoul , Korea Kidul , 3 Oktober 1984) ya iku aktris lan modhel saka Korea Kidul kang misuwur liwat filem Princess Hours lan The 1st Shop of Coffee Prince .

Karir [ besut | besut sumber ]

Yoon Eun-Hye debut minangka penyanyi, kanthi gabung ing vokal group "Baby VOX" wiwit taun 1999 nganti tekan taun 2005 . Ing taun 2005 , Baby VOX bubar, banjur Eun-Hye solo karir lan luwih fokus ing model lan akting. Eun-Hye uga tau duet barengan karo Mighty Mouth kanthi irah-irahan tembang Saranghae (I Love You) .

Yoon Eun-Hye entuk peran utama ing drama Princess Hour, lan entuk akeh perhatian, mula munggahake popularitas ing Korea Kidul nganti tekan ing manca nagara. Banjur nerusake ing drama The Vineyard Man kang lumayan sukses. Drama kang kaping telu ya iku Coffee Prince , kang uga misuwur banget nganti tekan ing manca nagara, nganti ndadekake dheweke dadi deretan artis papan atas ing nagari gingseng .

Filmografi [ besut | besut sumber ]

Drama [ besut | besut sumber ]

Film/TV Show [ besut | besut sumber ]