Vietnam Lor

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Vietnam Lor )
Democratic Republic of Vietnam
Vi?t Nam Dan ch? C?ng hoa
1945?1976
Flag
Flag
Coat of arms
Coat of arms
Sesanti
đ?c l?p-T? do-H?nh phuc
( Kamardikan-kabebasan-kabungahan )
Antem
Tien Quan Ca
(Mars Tentara)
Pernahe Vietnam Lor
Lokasi Vietnam Lor
Kutha krajan Hanoi
Basa Vietnam
Agama Sacara resmi Ateis ; Buda
Pamarentahan Nagara sosialis
Nagara kuminis
Presidhen
 ?  1945?1969 H? Chi Minh
Sekretaris Jendral
 ?  1960?1986 Le Du?n
Jaman sajarah Perang Dingin
 ?  Proklamasi kamardikan 2 September 1945
 ?  Vietminh reenters Hanoi 10 Oktober 1954
 ?  PAVN enters Saigon 30 April 1975
 ?  Lor gabung karo Kidul mbentuk "Republik Sosialis" 2 Juli 1976
Laladan
 ?  1960 157,880 km 2 (60,960 sq mi)
Cacah wong
 ?  Etungan 1960 15.916.955 
      Pepadhetan 101/km 2 (261/sq mi)
 ?  1974 est. 23.767.300 
      Density 151/km 2 (390/sq mi)
Valutah đ?ng
Sadurunge
Sawise
Prancis Indocina
Vietnam

Republik Demokratik Vietnam (RDV) ( basa Vietnam : Vi?t Nam Dan Ch? C?ng Hoa ), biyasa ditepungi minangka Vietnam Lor , iku sawijining nagara kang diyasa dening Ho Chi Minh lan diakoni dening Republik Rakyat Cina lan Uni Sovyet taun 1950 . Sawise kakalahan Prancis sajeroning Paperangan Dien Bien Phu nalika taun 1954 , Prancis kanthi resmi ngakoni kadhulatan nagara mau lan nagara iku banjur kapecah dadi loro; sijine maneh Vietnam Kidul .

Sawise pamecahan mau, akeh warga ing Lor kang lumayu menyang Kidul, akeh-akehe saka wong mau iku umat Katulik kang ngeklaim yen pamarentah Lor duwe kawicaksanan kang ora adil marang pameluk agama mau.

Ibu kutha Vietnam Lor ana ing Hanoi lan diprentah dening paprentahan kuminis kang entuk panyengkuyunge Uni Sovyet lan Republik Rakyat Cina . Kaloro nagara iki mbiyantu Vietnam Lor nalika dumadine Perang Vietnam nglawan Amerika Sarekat lan Vietnam Kidul .

Sawise tibane pamarentah Vietnam Kidul tanggal 30 April 1975 , kaloro nagara iki kanthi resmi manunggal nalika tanggal 2 Juli 1976 dadi sawijining nagara kanthi jeneng Republik Sosialis Vietnam utawa kang racake ditepungi minangka Vietnam .