Sepur

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sepur ing Argentina .
Sepur ing Stasiun Gambir .

Sepur utawa kreta api [1] utawa kreta latu (krama) iku sawijine sarana transportasi wujud tetumpakan kanthi tenaga gerak, kang ngglindhing ana ing sadhuwuring ril . Sepur minangka piranti transportasi massal iku lumrahe dumadi saka lokomotif lan rangkean gerbong . Rangkean gerbong mau ukurane rilatif amba saengga bisa ngamot penumpang utawa barang kang akeh. Amarga sipate minangka angkudan massal mau, sawatara nagara ngupaya mupangatake kanthi maksimal minangka piranti transportasi utama angkudan dharat, kanggo ing sajeroning kutha, antarkutha, utawa antarnagara.

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Sajarah sepur kaya dene sajarah piranti transportasi lumrahe kang diwiwiti kanthi panemuan rodha. Wiwitane ditepungi kreta jaran kang mung dumadi saka siji kreta (rangkean), banjur digawe kreta jaran kang narik punjul siji rangkean sarta lumaku ing jalur tartamtu kang kagawe saka wesi ( ril sepur ) lan dijenengake sepur. Iki dipigunakake mligi ing laladan pertambangan, papan anane lori kang dirangke lan ditarik nganggo jaran.

Sawise James Watt nemu mesin uwab , Nicolas Cugnot gawe kendharaan roda telu kanthi bahan bakar uwab. Wong-wong nyebut kendharaan iku minangka jaran wesi. Banjur Richard Trevithick gawe mesin lokomotif kang dirangke nganggo kreta lan dituduhake marang masarakat umum. George Stephenson nyampurnakake lokomotif kang menang ing lomba balap lokomotif lan dipigunakake ing jalur Liverpool - Manchester. Wektu iku lokomotif uwab kang dipigunakake mawa konstruksi walang. Panyampurnan banjur dianakake supaya ngasilake lokomotif uwab kang luwih efektif, kanthi daya gedhe, lan bisa narik kreta luwih akeh.

Panemon listrik dening Michael Faraday agawe sawatara panemon piranti listrik kang diiloni panemon motor listrik. Motor listrik banjur dipigunakake kanggo gawe trem listrik kang dadi cikal bakal sepur listrik. Banjur Rudolf Diesel munculake sepur mawa mesin diesel kang luwih duwe tenaga lan luwih efisien tinimbang lokomotif uwab. Sairing karo ngrembakane teknologi listrik lan magnet kang luwih maju, banjur digawe sepur magnet kang duwe kacepetan sadhuwure kacepetan sepur biyasa. Jepang sajeroning dasawarsa 1960-an ngoperasekake KA Super Ekspress Shinkanzen kanthi rute Tokyo - Osaka kang wusanane dikembangake maneh saengga nggayuh ameh kabeh tlatah Jepang. Prancis banjur ngoperasekake sepur kanthi jeneng TGV .

Jinis-jinis sepur [ besut | besut sumber ]

Miturut propulsi (tenaga penggerak) [ besut | besut sumber ]

  1. Sepur uwab
  2. Sepur diesel
  3. Sepur rel listrik

Miturut ril [ besut | besut sumber ]

Sepur ril konvensional [ besut | besut sumber ]

Sepur konvensional ing Stasiun Jakarta Kota

Sepur ril konvensional iku sepur kang umum ditemoni. Migunakake ril kang dumadi saka loro watang wesi kang ditata ing sadhuwure bantalan. Ing laladan tinamtu kanthi beda elevasi kang curam, dipigunakake ril mawa gerigi kang dipasang ing tengah tengah ril mau sarta migunakake lokomotif mirunggan kang duwe rodha gigi.

Sepur monoril [ besut | besut sumber ]

Sepur monoril (sepur ril tunggal) iku sepur kang jalure ora kaya jalur sepur kang biyasa. Ril sepur iki mung dumadi saka siji watang wesi. Amarga efisien, racake kanggo piranti transportasi kutha mligi ing kutha-kutha metropolitan donya lan dirancang memper dalan layang .

Miturut papan lintasane [ besut | besut sumber ]

Sepur ing lumahing bumi ( surface ) [ besut | besut sumber ]

Sepur kang lintasane ing lumahing bumi iki lumaku ing lumahing lemah. Lumrahe jinis sepur iki kang kerep ditemoni ing sadengah papan. Biaya pembangunane paling murah dibandhing karo kang lumaku ing sangisoring lemah utawa jinis kang layang. Ing Indonesia , jinis lintasan dhuwur lemah iki dibangun sadurunge Perang Donya II .

Sepur layang ( elevated ) [ besut | besut sumber ]

Sepur layang lumaku ing dhuwur, bab iki diangkah kanggo ngindhari persilangan sabidang, supaya ora perlu ana lawang perlintasan sepur. Biaya kang diperlokake watara kaping telune biaya yasa sepur biyasa sajeroning jarak kang padha.

Sepur ngisor lemah (subway) [ besut | besut sumber ]

Sepur ngisor lemah iku sepur kang lumaku ing sangisoring lemah (subway). Sepur jinis iki dibangun kanthi yasa terowongan-terowongan ing ngisor lemah minangka jalur sepur. Lumrahe dipigunakake ing kutha kutha gedhe (metropolitan) kaya New York , Tokyo , Paris , London , Seoul lan Moskwa . Saliyane iku uga dipigunakake sajeroning skala luwih cilik ing laladan tambang . Biaya kang diwetokake larang banget, amarga kerep nembus 20m ing sangisoring lemah, kali - yasan utawa dalan, ya iku watara kaping pitune sepur biyasa.

Miturut panganggonan [ besut | besut sumber ]

  1. Sepur penumpang
  2. Sepur barang

Album [ besut | besut sumber ]

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Miturut bausastrane Poerwadarminta.