Sacha Baron Cohen

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sacha Baron Cohen

Sacha Noam Baron Cohen (lair ing London , 13 Oktober 1971 ) iku sawijining pelawak Inggris keturunan Yahudi. Dheweke mligi misuwur lan tau menang Golden Globe kanggo meranake Borat Sagdiyev , (wartawan saka Kazakhstan ), Ali G lan Bruno .

Ing acarane, Baron Cohen racake olehe wawancara karo tokoh-tokoh wigati iku minangka tokoh-tokoh peranane supaya oleh efek lucu. Para paraga kang diwawancarani ngira yen wawancarane pancen bener kabeh. Ing 21 Desember 2007, Baron Cohen kandha yen paragane; Borat lan Ali G arep dipensiyun amarga wis misuwur.