Paus Bonifatius II

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bonifasius II
Dilantik 530
Term ended 532
Sadurunge Feliks IV
Diterusake Yohanes II
Detil pribadhi
Jeneng lair boten dipunmangertos
Lair tanggal boten dipunmangertos
Pati 532
Other popes named Bonifatius

Paus Bonifasius II (???- 532 ) punika, ngasta jawatan Paus Greja Katulik Roma antawis taun ( 530 - 532 ). Panjenenganipun punika wiyosan Ostrogotik , lan wujud Paus Jerman ingkang sepindah. Panjenenganipun pikantuk kalenggahan Paus amargi prabawa Raja Gotik Athalaric . Bonifasius dipuntunjuk dados Paus dening ingkang ngrumiyini inggih punika Paus Feliks IV , ingkang wujud panyengkuyung kiyat saking Raja Aria , lan boten nate nglampahi proses pamilihan. Salaminipun kepausan Bonifatsus, wonten ugi Anti-Paus Dioskorus , ingkang dipunpilih dening mayoritas kaum rohaniwan ing Roma . Bonifasius lan Dioskorus sami-sami dipuntahbisaken ing Roma tanggal 22 September 530 , nanging Dioskorus seda namung kalih dasa dinten sasampunipun.

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]