Lee Donghae

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Donghae
Pratelan latar wuri
Paraban Donghae
Saka Seoul , Korea Kidul
Genre K-pop , Dance-pop
Mangsa akarya 2005 -sapunika
Label SM Entertainment
Sing magepokan Super Junior
SM Town

Lee Donghae , utawa kerep diarani mawa jeneng artise Donghae , ya iku anggota Super Junior kang lair ana ing Mokpo , Jeollanam , Korea Kidul , 15 Oktober 1986 . Donghae ya iku anak ragil. Dheweke duwe kakak lanang jenenge Lee Donghwa . [1]

Donghae melu audisi " SM Youth Best Contest 2001 ". Ana ing kontes iku Donghae dadi juara telu lan entuk penghargaan " Best Outward Appearance ". Saka kontes iku Donghae dikontrak dening SM Entertainment lan kepilih dadi salah siji murid training . [1]

Kurang luwih patang taun di training , Donghae debut bareng Super Junior taun 2005. Taun 2008, Donghae di rekrut dadi anggota sub-grup Super Junior , Super Junior-M . Ora mung nyanyi lan nari, Donghae uga bisa akting , ya iku dadi lakon ana ing filem Mystery 6 ( 2006 ). Ing filem iku, Donghae akting karo anggota Super Junior liya ya iku Choi Siwon . [1]

Profil Donghae [ besut | besut sumber ]

Profil saking Donghae ya iku:

  1. Asma asli: Lee Donghae
  2. Asma artis: Donghae
  3. Damel: Penyanyi , Aktor
  4. Tanggal lair: 15 Oktober 1986
  5. Papan lair: Jeolla , Mokpo , Korea Kidul
  6. Kebangsaan: Republik Korea
  7. Dhuwur: 175 cm
  8. Gol. Gethih: A
  9. Zodiak : Libra
  10. Pendidikan : Universitas Myongji
  11. Agensi : SM Entertainment
  12. Twitter : @donghae861015 [2]

Serial Drama saka Donghae [ besut | besut sumber ]

  1. Mystery 6" ( 2006 )
  2. Attack On The Pin-Up Boys ( 2007 )
  3. Stage Youth ( CCTV , 2009 Cameo )
  4. It’s Okay, Daddy’s Girl ( SBS , 2010 )
  5. Extravagant Challenge ( GTV , 2011 ) [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c www.wowkeren.com (dipuntingali tanggal 18 Juli 2012)
  2. a b www.koreanmaniac.com Archived 2012-07-02 at the Wayback Machine .(dipuntingali tanggal 18 Juli 2012)