Kampung Olimpik

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kampung Olimpik 2016 ing Rio de Janeiro.

Kampung Olimpik iku sana pasanggrahan sing diyasa kanggo Kridha Olimpik , adate kapernah ing Taman Olimpik utawa ing sana liyane sajeroning kutha sing lagi duwe gawe. Kampung Olimpik diyasa saperlu dadi pamukimaning kabeh atlet, pajawat, lan palantih ing Kridha Olimpik. Kawit kadadean rajapati masal ing Munich nalika Kridha Olimpik 1972, Kampung Olimpik sabanjure digawe katutup. Namung atlet, palantih, lan pajawat wae sing kena manggon ing sajeroning kampung iku, dene kulawargane utawa atlet tilas kridha sadurunge kena lumebu sarana pamriksan. Pers lan medhia dilarang.