Gerard Pique

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gerard Pique
Pique main ing Timnas Spanyol taun 2017
Katerangan priangga
Jeneng dawa Gerard Pique Bernabeu [1]
Tanggal lair ( 1987-02-02 ) 2 Februari 1987 (umur 37)
Papan lair Barcelona , Spain
Dhuwur 1.94 m (6 ft 4 in) [2]
Posisi main Centre-back
Katerangan klub
Tim saiki
Barcelona
Angka 3
Karir nom
1997?2004 Barcelona
2004?2005 Manchester United
Karir senior*
Taun Tim Main ( Gul )
2004?2008 Manchester United 12 (0)
2006?2007 Zaragoza (loan) 22 (2)
2008? Barcelona 259 (22)
Tim nasional
2002?2003 Spain U16 7 (2)
2004 Spain U17 8 (3)
2006 Spain U19 8 (3)
2007 Spain U20 5 (1)
2006?2008 Spain U21 12 (1)
2009? Spain 94 (5)
2004? Catalonia 9 (0)

* Gunggung main lan gul ing klub senior tumrap liga dhomestik iki mligi lan patitis per pukul 23:22, 24 December 2017 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 14 November 2017

Gerard Pique Bernabeu (lair 2 Februari 1987 ; umur 37 taun) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profesional saking Spanyol , ingkang samenika main ing klub FC Barcelona lan Timnas Spanyol , lan gadhah posisi minangka bek . [3] Pique kalebet prodhuk akadhemi bal Barcelona ingkang anami Barca Centera . [3] Sasampunipun sekawan mangsa ing Inggris sareng klub Manchester United , Pique wangsul dhateng Barcelona lan langsung dados juru main inti ing tim punika wekdal mangsa 2008-2009. [3]

Sanajan miwiti karir ing akadhemi bal Barcelona, Pique napakasmani kontrak profesional kapisan minangka juru main bal sareng klub Manchester United wekdal taun 2004. [4] Pique nindakaken debut sareng Manchester United ing wulan Oktober 2004 nggantosaken John O'Shea wekdal MU menang 3-0 mengsah Crewe Alexandra ing Piala Liga Utama Inggris . [4] Amargi dipunanggep kirang siap main ing tim utami MU, Sir Alex Ferguson ngampilaken Pique dhateng klub Real Zaragoza ing mangsa 2006-2007. [4] Ing Zaragoza, Pique main reguler ing 22 pertandhingan La Liga lan nyithak 2 gol. [4]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Gerard Pique

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "FIFA World Cup South Africa 2010: List of Players" (PDF) . FIFA. 4 June 2010. kc. 29 . Dibukak ing 7 January 2018 .
  2. "Gerard Pique profile" . FC Barcelona . Dibukak ing 7 January 2018 .
  3. a b c Gerard Pique (dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  4. a b c d Gerard Pique (dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)