Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
William Wordsworth
ya iku penyair saka
Inggris
.
[1]
[2]
Dheweke nulis
Lyrical Ballads
taun
1798
, karo
Samuel Taylor Coleridge
, kang banjur nuwuhake gerakan Romantik Inggris.
[1]
Dheweke lair ana
Cockermouth
,
Cumberland
,
Inggris
, tanggal
7
April
1770
.
[1]
Seda ana
Rydal Mount
,
Westmorland
, tanggal
23
April
1850
.
[1]
Ibune seda nalika dheweke umur wolung taun, pengalaman iki ketok saka pakaryan pungkasane.
[2]
Wordsworth lumebu Hawkshead Grammar School, neng kene dheweke wiwitan seneng geguritan.
[2]
Bapake seda nalika dheweke ing Hawkshead, ninggal dheweke lan sedulure papat.
[2]
Wong tuwane, loro-lorone, seda saurunge dheweke umur 15 taun.
[3]
Dheweke sinau ana
Cambridge University
.
[3]
Nalika ana kana, dheweke ngisi wektu prei mangsa panas lelungan menyang
Switserlan
lan
Prancis
.
[3]
Dheweke antusias karo gegayuhane
Revolusi Prancis
.
[3]
Dheweke wiwitan nulis geguritan nalika isih sekolah, nanging ora ana sing diterbitake nganti taun
1793
.
[3]