한국   대만   중국   일본 
William Henry Harrison - Wikipedia Menyang konten

William Henry Harrison

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
William Henry Harrison
William Henry Harrison

William Henry Harrison, 1773 ? 1841


Masa jabatan
4 Maret 1841  –  4 April 1841
Wakil Presiden John Tyler (1841)
Sadurunge Martin Van Buren
Pengganti John Tyler

Masa jabatan
4 Maret 1825  –  20 Mei 1828
Sadurunge Ethan Allen Brown
Pengganti Jacob Burnet

Lahir 9 Februari 1773
Charles City County , Colony of Virginia
Meninggal April 4, 1841 ( 1841-04-04 ) (umur 68)
Washington, D.C.
Kebangsaan Amerika
Partai politik Whig
Suami/Istri Anna Symmes Harrison
Almamater University of Pennsylvania
Pekerjaan Tentara
Agama Episkopal
Tanda tangan William Henry Harrison's signature

William Henry Harrison (lair ing Charles City County , Colony of Virginia , 9 Februari 1773  – pati ing Washington, D.C. , 4 April 1841 ing umur 68 taun) yaiku pimpinan militer Amerika , pulitikus , lan Presidhen Amerika Sarekat yang kaping 9. [1] Henry dilantik nalika tanggal 4 Maret 1841 lan mati 31 dina sawise dilantik. [2] William H. Harrison yaiku presidhen Amerika Sarekat pisanan kang mati nalika isih njabat dadi presidhen [2] . William H. Harrison lair tanggal 9 Februari 1773 ana ing Charles City, Virginia , Henry yaiku putra saka salah siji Pemimpin Amerika Sarekat, Benjamin Harrison V [3] lan Elizabeth Basset [4] . Bapake Henry dadi salah sijine wong kang melu nandatangani Deklarasi Kemerdekaan Amerika. [2] Putune uga dadi Presidhen Amerika Sarekat kang kaping 23, yaiku Benjamin Harrison [4] . William Harrison wiwitane melu sinau ana ing babagan kadhokteran, nanging banjur mandeg nalika bapake mati. [4] Henry banjur dadi bala lan oleh tugas 7 taun. [4] Taun 1812 nalika Amerika perang lawan Inggris , nalika iku William Harrison duwe pangkat Brigadir Jenderal, lan ngalahake wadyabala gabungan Inggris lan Indian ing wewengkon kulon sagara Amerika Sarekat. [4] Kemenangan iki langsung mandegake ancaman penyerbuan Inggris ing sabanjure menyang wewengkon iku lan ndadekake jenenge misuwur. [4]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Suhindriyo. 1999.Biografi Singkat Presidhen-Presidhen Amerika Sarekat.Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.32.
  2. a b c www.whitehouse.gov
  3. www.ipl.org
  4. a b c d e f www.answers.com Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet3" diwedharake ping bola-bali dene isine beda