한국   대만   중국   일본 
Wikipedia:Etikawiki - Wikipedia Menyang konten

Wikipedia : Etikawiki

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kaca iki ngandhut sawetara prinsip etika , utawa " Etikawiki " ( Basa Inggris : Wikiquette ), yaiku paugeran cara urip bebarengan jroning lingkungan Wikipedia .

Kontributor Wikipedia asale saka maneka agama, bangsa, budaya, suku, tataran pendhidhikan, sosial ekonomi lan psikologis. Kanthi anane prabedan mau, ngurmati wong liya dadi kunci utama supaya bisa nyambut gawe bebarengan sacara efektif kanggo mbangun ensiklopedia lan sesambungan umat manungsa sacara umum.

Prinsip-prinsip etika ing Wikipedia [ besut sumber ]

  • Panyangka apik. Wikipedia wis kasil tuwuh ngrembaka nganti saiki amarga kawicaksanan kang ngidinake panyuntingan sing meh tanpa wates. Wong-wong padha melu nyengkuyung lan nulis artikel-artikel sing apik.
  • Regani wong liya kayadene panjenengan kepingin diregani.
  • Wigatekake kasopanan. Wong liya ora bisa weruh utawa nyangka swasana ati panjenengan. Gaya basa kang nyindir kadhangkala ora dimangerteni dening liyan. Suwalike, blaka suta uga bisa nuwuhake kesan kasar. Ati-ati nalika milih tembung. Apa sing panjenengan maksud sering ora bisa dimangerteni dening wong liya, lan apa sing panjenengan mangerteni, bisa-bisa uga ora padha karo sing dimaksudake dening wong sing nulis.
  • Mlebu log lan tapakastani tulisan panjenengan ing kaca wicara (aja ing kaca artikel!)
  • Upayakake tansah ngugemi kasarujukan ( kesepakatan ).
  • Debat-a ngenani utawa adhedhasar fakta, aja personal.
  • Aja nglirwakake pitakonan. Yen wong liya ora nyetujoni suntingan panjenengan, wenehi alesan sing apik, kena apa penjenengan ngrasa yen suntingan kuwi mau diperlokake.
  • Kersa ngalah ( lapang dada ) marang sawijining tanggapan yen panjrenengan ora kagungan jawaban kanggo kuwi, utawa jujur saupama panemu panjenengan mung dilandhesi dening intuisi utawa selera. Aja debat bab sing ora bisa panjenengan belani.
  • Aja sungkan njaluk ngapura. Jroning dhiskusi sing panas, lumrah kita ngucapake tembung kang ing tembe mburi gawe gela. Akoni wae bab kuwi.
  • Apuranen lan lalekake masalah.
  • Wenehi pujian yen pancen pantes diucapke. Saben wong seneng diregani, utamane jroning lingkungan kang sering mbutuhake kompromi. Wenehana pesen sing semanak ing kaca wicara naraguna kasebut.
  • Busak utawa gawe simpulan kanggo sawijining dhiskusi sing panjenengan wiwiti lan wis nggayuh kasarujukan ( kesepakatan ).
  • Akoni kamungkinan anane faktor subyektif jroning dhiri panjenengan lan tansah nganggo cara deleng netral .
  • Rewangana kanggo nengahi prabedan panemu.
  • Yen debat tansaya panas, tentremke ndisik pikiran, utawa usulke supaya ngendhegake sauntara wektu debat kasebut.
  • Tansah elingana kasalahan-kasalahan umum ing Wikipedia .
  • Sabisane endhani pambalikan lan pambusakan, kajaba jroning kasus vandalisme . Terangke alesan pambalikan sing panjenengan ayahi ing ringkesan panyuntingan .
  • Elinganan yen panjenengan sesambungan karo wong liya. Bakal ana wong liya ing donya iki sing seneng utawa ngurmati wong kasebut. Regani wong liya.
  1. Sing trapsila
  2. Senadyan bisa dipahami yen pancen angel lan ngewuhake jroning kahanan parembugan sing panas, yen pehak liya dirasa kurang sopan, tumindaka luwih sopan saka dheweke.
  • Kanthi cara mangkono panjenengan paling sethithik ora njegur ing satengahing konflik, melu aktif ngudhari reruwet kanthi nampa anteman lan ora mbales ngantem - saben wong bakal ngregani tuminadak kaya mangkono kuwi.
  • Ewasemana, kanthi cara sing netral, aja ringa-ringa menehi weruh yen panjenengan kurang sreg nadha wicarane.
  1. Yen panjenengan lagi debat, ngasoa; yen panjenengan nengahi, prayogakake supaya leren ngaso sedhela.
  • Balia sawise saminggu utawa rong minggu. Yen ora ana sing nengahi, lan panjenengan angrasa perlu panengah, undangen wong liya.
  • Lungaa utawa golek artikel liya kanggo ngalihake pikiran panjenengan ? ana kurang luwih1,033,461 artikel ing Wikipedia! Melua sawijining Proyek Wiki utawa rewangana ndandani kaca-kaca sing merlokake. Utawa tulisa artikel anyar.