Wayang kulit

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pagelaran wayang kulit dimainake dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakone Gathotkaca Winisuda.

Wayang Kulit iku pagelaran wayang ingkang mbabarake lakon mahabharata utawa ramayana kang wayange digawe saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa . Wayang iki digawe saka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Lumrahe wayang kulit nglakonake lakon Wayang Purwa , nanging ana uga kang nganggo Carita Menak lan Babad Tanah Jawa , carita agama ( Kristen , Buda ), perjuwangan, lan maneka warna carita liyane.

Wayang kulit dilakokake ing layar putih kang sinebut kelir . Dene wayang-wayang iku ditancepake ing debog ana ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003 , dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan carita dongeng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalike, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga ( preserve ) warisan iku. [1]

Panyebaran [ besut | besut sumber ]

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara . Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga perangan liya ing Nusantara , nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wetan . Ing antarane panggonan siji lan liyane duwe gagrag dhewe-dhewe, kang gedhe dhewe ya iku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta . Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahe dhewe.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang oleh owah-owahan. Campursari lan dhagelan lumebu ing antarane pagelaran mau. Amarga wayang uga wis lumebu dadi acara televisi , suwene pagelaran kang asline sewengi bisa dikurangi dadi sawatara jam wae.

Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritane ya iku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis dening Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Panggawene wayang [ besut | besut sumber ]

Wayang kulit lumrahe digawe saka bahan kulit kebo kang wis diproses dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhake watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran kang banjur ditatah nganggo piranti wujud wesi lancip. Wesi waja iki digawe luqih dhisik kanthi maneka wangun lan ukuran, ana kang lancip, pipih, cilik, gedhe lan wangunliyane kang duwe fungsi beda-beda.

Wose piranti mau kanggo gawe maneka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjure dipasang perangan awak liyane ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong perangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saengga tangan bisa diobahake niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawe saka bahan sungu kebo utawa sapi . Tangan wayang uga diwenehi gagang supaya dhalang bisa ngobahake tangan wayang mau.

Karakteristik paraga wayang [2] [ besut | besut sumber ]

Wangun irung: [ besut | besut sumber ]

  • Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhake alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna , Samba , Kresna .
  • Irung Pelokan: Kaya wangun saparo who pelem, nuduhake pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyane.
  • Irung Pagotan: kanthi cangkem gusen, nuduhake watak galak lan kejem. Tuladha: Raden Indrajit, Raden Kangsa.
  • Irung Bentulan: Nuduhake keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca , Gandamana, Bratasena.
  • Irung Bruton: Nuduhake sipat lucu, tuladha: Bagong .
  • Irung Sumpel: Nuduhake sipat lucu, tuladha: Semar lan Limbuk .
  • Irung Terong: Nuduhake sipat bisa narik kawigaten, kaya pelawak. Tuladha: Gareng .
  • Irung Cempaluk: Nuduhake sipat konyol kaya badhut. Tuladha: Petruk .
  • Irung Pesekan: Nuduhake lucu. Tuladha: Togog , Mbilung , Wanara.

Lambe lan garis cangkem [ besut | besut sumber ]

  • Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhake kaelokan lan watak sensitif
  • Cangkem Gusen: Nggambarake watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
  • Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusine. Nggambarake watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati

Tlapukan [ besut | besut sumber ]

  • Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matane para ksatriya.
  • Mata Kedhelen: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladewa, Setyaki.
  • Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
  • Mata Pelengan: Nggambarake karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
  • Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sapisan, nggambarake watak kang ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna .
  • Mata Kolikan: Nggambarake watak lucu kaya Semar.
  • Mata Plolo: Nggambarake watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.

Uba Rampe pakeliran [ besut | besut sumber ]

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokake piranti ya iku antarane:

Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
Kelir : layar putih kang dibeber kanggo mainake wayang.
Blencong : Senthir kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak : digawe saka kuningan kanggo iringane dhalang.
Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog : kanggo tancepan wayang.
Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.

Simpingan [ besut | besut sumber ]

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

Simpingan Kiwa [ besut | besut sumber ]

Ing antarane kang ditata ana ing sisih kiwa ya iku:

Simpingan Tengen [ besut | besut sumber ]

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.

Wayang Dhudahan [ besut | besut sumber ]

Wayang dhudahan ya iku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajeroning kothak. Biasane wayang dhudahan iku kalebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan:

1. Dhudahan Kurawa

2. Dhudahan Pandhita lan Dewa

3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat

4. Dhudahan Panakawan

5. Dhudahan Keparak

6. Dhudahan Prajurit

  • Patih Udawa
  • Druwajaya
  • Pragota
  • Prabawa
  • Patih Tuhayata
  • Patih Saragupita
  • Patih Adimanggala
  • Patih Sabrangan
  • Ampyak/Prampogan
  • Wisata lan Wilmuka
  • Demang Sarapadha/Cekruktuna
  • Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
  • Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
  • Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
  • Wayang Setanan
  • Prajurit Kethek Tambak

7. Dhudahan Wanara

  • Anila
  • Anggada
  • Jembawan
  • Trigangga/Triyangga
  • Kapi Anggeni
  • Kapi Indrajanu
  • Kapi Suwida
  • Kapi Pramujabahu
  • Kapi Kingkin
  • Kapi Warjita/Cacingkanil
  • Kapi Janulen
  • Kapi Menda
  • Kapi Cucak Rawun
  • Kapi Saraba

8. Dhudahan Sato Kewan

  • Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
  • Banteng (Andhaka)
  • Macam (Simo/Sardhula)
  • Ula (Sarpa/Taksaka)
  • Celeng (wraha)
  • Garudha
  • Kidhang
  • Landhak
  • Jaran (Kudha)

9. Dhudahan Pusaka

  • Kreta Kencana
  • Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)

Para Dhalang [ besut | besut sumber ]

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

Wacan [ besut | besut sumber ]

  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold-Three Javanese Shadow Plays . Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang . Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves . Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets . OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit . Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism . Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta . Yogyakarta (basa Jawa)
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong . Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wiracarita Mahabharata dening Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citr?nggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citr?nggad? Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandheng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa