한국   대만   중국   일본 
Virgil - Wikipedia Menyang konten

Virgil

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Publius Vergilius Maro
Lair 15 October , 70 SM
Andes , Italia
Pati 21 September , 19 SM
Brundisium
Pakarya Panyair
Bangsa Romawi

Publius Vergilius Maro ( Virgil ing basa Inggris ), punika pujangga misuwur Romawi. Karya-karyanipun ingkang wujud puisi pastoral lan epik ing basa Latin , gadhah prabawa ageng dhumateng karya-karya sastra salajengipun kados ta La Divina Comedia saking Dante Alighieri , utawi Paradise Lost saking John Milton .

Sesarengan kaliyan pujangga Horatius lan sajarawan Livius , karya-karyanipun dados tetenger era kaemasan sastra Latin klasik periode Augustan.

Kagesangan [ besut | besut sumber ]

Panjenenganipun dipunwiyosaken tanggal 15 Oktober 70 SM ing desa Andes, celak Mantua ing wilahan ler Italia . Tiyang sepuhipun sanadyan asalipun saking kalangan biyasa, gadhah satus sosial ingkang sae amargi upadosipun minangka pandamel barang-barang tembikar . Upados puniki sepindhah dipunrintis eyang kakungipun, Magus, bapa saking ibunipun, Maggia Polla.

Pendidikan dhasar dipunlampahi ing Cremona dumugi yuswa 15 taun (taun 55 SM), ing wekdal pamarentahan Konsul Pompeius lan Crassus . Salajengipun piyambakpipun nglajengaken pendidikanipun ing Milan , lajeng Roma . Ing kitha punika, piyambakipun nyinaoni maneka elmu, mliginipun kadhokteran lan matematika. Piyambakipun ugi nyobi peruntunganipun minangka pengacara, nanging amargi kamampuan ngendikanipun ingkang awon lan kasendhat-sendhat, piyambakipun namung sepindah tampil wonten ing pangadilan.

Amargi katertarikanipun kangge nyinaoni filsafat materialisme Epikurian , piyambakipun pindhah dhateng Napoli lan nggabung ing satunggiling akademi ing mriku kangge nyinaoni filsafat punika. Ing Napoli puniki piyambakipun mapan ngantos sedanipun.

Karya [ besut | besut sumber ]

Vergilius nyerap karya klasikipun ingkang sepindhah Eclogues antawis taun 42 SM ? 39 SM ing wangun kempalan satunggiling puisi. Puisi-puisi ingkang kainspirasi dening pujangga Yunani Theocritus puniki, dipunpisungsungaken kangge Gaius Asinius Pollio, Alfenus Varus, lan Cornelius Gallus ingkang sampun gadhah jasa nalika mbiyantu mikantukaken malih tanah tetanen kagunganipun. Tanah tetanen kagunganipun dipunsita nagari lan dipunparingaken marang para mantan saradhadhu saking pihak Octavianus minangka imbalan jasanipun, ngalahaken Brutus lan Cassius ing Philipi taun 42 SM.

Karya salajengipun Georgicon utawi Puisi Tetanen ingkang kaperang saking sekawan buku dipunserat antawis taun 37 SM ? 29 SM. Miturut panuturanipun, puisi-puisi puniki dipundamel amargi panyuwunan Maecenas , rencang akrab ugi tiyang kapercayanipun Kaisar Agustus , kangge nekanaken peran wigatos tetanen lan narik kathah tiyang tumut lumebet. Propaganda puniki dipunmaksudaken kangge nggesangaken malih prodhuksi sektor tetanen Romawi ingkang kalantar amargi perang salaminipun saperangan generasi, ugi ngriptaaken swasembada pangan.

Ing akir gesangipun (30 SM ? 19 M), Vergilius nelasaken wekdal nyerat karya pamungkasipun Aeneid . Ing karyanipun puniki, piyambakipun nggambaraken Roma sanes minangka narasi sajarah nanging minangka mitologi , lan milih wangun puisi tinimbang prosa. Wangun ingkang sarupi ugi dipunpigunaaken dening Homerus ing karyanipun Iliad lan Odusseia . Mitologi puniki nyariyosaken ngenani Aenas, putra saking Anchises lan dewi Venus , ingkang mimpin para pangungsi Troya ngedegaken koloni enggal ing di Italia. Saking keturunan Aenas puniki salajengipun muncul Romulus , pangadeg kitha Roma.

Akir Gesang [ besut | besut sumber ]

Vergilius boten nate nuntasaken karya pungkasanipun, Aeneid. Tigang taun pungkasan saderengipun piyambakipun tilar donya, piyambakipun nelasaken wekdal ing Yunani kangge nuntasaken karya pungkasanipun. Nanging ing mrika piyambakipun nandhang gerah lan mutusaken kangge kundur ing Italia. Panjenenganipun seda tanggal 21 September 19 SM ing Brundisium, distrik Calabria, pasisir wetan Italia lan dipunsarekaken ing Pozzuoli, ing pasisir celak Napoli. Ing watu nisanipun kaserat:

Mantua me genuit. Calabri rapuere.
Tenet nunc Parthenope. Cecini pascua, rura, duces

Ingkang tegesipun:

Mantua nglairake aku. Calabria nggawa aku lunga .
Saiki Napoli nggegem aku. Aku nyanyi ngenani ara-ara suket, padesan lan para pamimpin .

Trivia [ besut | besut sumber ]

Ing Dividina Komedia, Vergilius dados pamandhu Dante nalika wonten ing Ntraka lan Latu Pangresikan .

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]


Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.