한국   대만   중국   일본 
Uut Permatasari - Wikipedia Menyang konten

Uut Permatasari

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Uut Permatasari

Uut Permatasari (lair ing Sidoarjo , 7 April 1982 ; umur 42 taun) duwe jeneng asli Utami Suryaningsih . [1] Uut Permatasari ya iku penyanyi dangdut kang misuwur amarga goyang ngecor ya iku goyang kanthi ngangkat salah siji sikil karo muter kaya ta sikil kang sijine nuncep ing lemah . [1]

Karir [ besut | besut sumber ]

Uut iku anak wadon saka Ny. Supatiningsih . [1] Wiwit cilik Uut pancen seneng nyanyi lan kerep dadi juwara ing lomba- lomba kang dianakake wiwit tingkat kacamatan nganti kabupaten . [1] Ora mung latiyan nyanyi , Uut uga sregep latiyan balet lan jogedan tradhisional , kaya ta Joged Yapong . [1] Mulane Uut duwe awak kang luwes nalika goyang karo nyanyi. Kanggo ngembangake karire, Uut banjur pindah ing Jakarta nalika taun 2003 . [1] Jeneng Uut dadi misuwur nalika dheweke nyanyekake lagu "Putri Panggung". [1] Lagu iki dadi maskot acara Laris Manis kang disiyarake ing SCTV . [1] Saliyane dadi presenter Laris Manis , Uut uga dadi presenter acara Digoda ing Trans TV . [1] Uut ora mung manggung ing Indonesia nanging uga manggung ing nagari Jiran Malaysia , lan Hong Kong uga Korea . [2]

Kasus [ besut | besut sumber ]

Taun 2007 dadi taun kang kontroversial kanggone Uut. [1] Nalika iku dheweke diarani nyolong lagu kang judhule "Ketahuan" duweke grup band asal Bandung kang diarani Matta band. [1] Untunge sadurunge kasus iku, Ray kang nulis lagu, ngurus kanthi ukum ngenani bab hak cipta. [1] Pihak management Uut lan label company Uut rikat ngrampungake hak minangka komponis utawa pengarang lagu. [1] Nanging kasus iki nggawe Maata rada ngamuk awit grup band iki tau diarani band dangdut kang ndompleng jenenge Uut kang misuwur luwih dhisik. [3]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]