Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toronto
punika kitha paling ageng ing
Kanada
lan minangka kitha krajan
provinsi
Ontario
. Populasi Toronto watawis 2.518.772 (
perkiraan
taun
2004
); lan ingkang wonten ing
Tlatah Toronto Raya
(GTA) inggih punika 5.715.386 (
2004
).
Padunung Toronto dipunwastani
Torontonian
. Toronto punika perangan saking tlatah
Golden Horseshoe
Ontario, wewengkon ingkang padunungipun kathah, watawis pitung yuta. Saprotigan sing ndunungi Kanada manggen wonten ing tlatah ingkang dunungipun 160 km saking Toronto, lan watawis saproenem pedamelan ing Kanada dumunung wonten ing mriki. Asal usul sing ndunungi Kanada inggih punika tiyang
Britania
,
Irlandia
,
Italia
, lan
Tionghoa
. Grup ingkang langkung alit inggih punika tiyang
Portugis
,
Yunani
,
India
lan
Karibia
.
Diadeg ing taun 1967, sing jenenge George Brown (1818-1880), salah sawijining pendiri Konfederasi Kanada, politisi liberal lan pencipta koran Globus ing Toronto (saiki The Globe and Mail).
[1]
- ↑
"George Brown College"
.