Sutradhara

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sutradara

Sutradara ( basa Inggris : director ) iku wong kang gaweyane ngarahake juru main filem ing sajeroning proses gawe filem kang trep karo Manuskrip . [1] ( Tukang gawe filem uga dinggo ngrujuk prodhuser filem ). [1] Manuskrip utawa skenario iku dianggo ngontrol aspek-aspek seni lan drama . [1] Minangka direktur ngawasi pegawe utawa pekerja teknik lan juru main kanggo nyukupi wawasan pengarahane. [1] Sutradara uga duwe tugas mbimbing kru teknisi lan para juru main filem kanggo ngrealisasike kreativitas kang diduweni. [1]

Tanggung jawab [ besut | besut sumber ]

Sutradara duwe tanggung jawab ing aspek-aspek kreatif panggawean filem ing bab interpretatif lan teknis. [2] Dhewekw duwe posisi paling dhuwur saka segi artistik lan mimpin panggawean filem ing bab apa kang perlu ketok lan ditonton penonton. [2] Saliyane iku uga ngatur juru main ning ngarep kodhak lan ngarahke akting uga dialog. [2] Sutradara uga ngontrol posisi lan obahe kodhak, suara, lampu, lan bab-bab liya kang ana gayutane karo rampunge filem. [2] Ing sajeroning nglakoni tanggung jawabe, sutradara kerja karo kru filem lan juru main filem. [2] Ing antarane penata fotografi, penata kostum, penata kodhak lan liya-liyane. [2] Saliyane iku sutradara uga melu ketut ing proses panggawean filem wiwit saka pra-produksi , produksi , nganti tekan pasca-produksi . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e Sutradara [ pranala mati permanen ] (25 Juni 2011)
  2. a b c d e f g Sutradara Archived 2011-02-07 at the Wayback Machine .(26 Juni 2011)