Susilo Bambang Yudhoyono

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Susilo Bambang Yudhoyono
Presidhen Republik Indonesia kaping 6
Linggih
20 Oktober 2004 ? 20 Oktober 2014
Wakil Presidhen Jusuf Kalla (2004?2009)
Boediono (2009?2014)
Kang sadurunge Megawati Soekarnoputri
Kang sawise Joko Widodo
Mentri Koordinator Babagan Pulitik lan Keamanan Indonesia kaping 8
Linggih
10 Agustus 2001 ? 12 Maret 2004
Presidhen Megawati Soekarnoputri
Kang sadurunge Agum Gumelar
Kang sawise Hari Sabarno (Plt.)
Widodo A. S.
Mentri Koordinator Babagan Pulitik, Sosial lan Keamanan Indonesia
Linggih
23 Agustus 2000 ? 1 Juni 2001
Presidhen Abdurrahman Wahid
Kang sadurunge Soerjadi Soedirdja
Kang sawise Agum Gumelar
Mantri Pertambangan lan Energi Indonesia kaping 11
Linggih
29 Oktober 1999 ? 23 Agustus 2000
Presidhen Abdurrahman Wahid
Kang sadurunge Kuntoro Mangkusubroto
Kang sawise Purnomo Yusgiantoro
Rerincen dhiri
Lair ( 1949-09-09 ) September 9, 1949 (umur 74)
Pacitan , Jawa Wetan , Indonesia
Parte pulitik Parte Dhemokrat
Sisihan Kristiani Herrawati

Jendral ( TNI ) Susilo Bambang Yudhoyono ( Jawa : ???????????????) kang lair ing Pacitan , Jawa Wetan , tanggal 9 September 1949 iku mantan pensiunan jendral militer Indonesia lan Presidhen Indonesia kaping 6 kang kapilih ing pemilihan umum kanthi langsung kang sepisanan dening rakyat. Yudhoyono menang ing pemilu presidhen September 2004 liwat rong tahapan pemilu presidhen Indonesia saka kandhidhat Presidhen Megawati Soekarnoputri . Panjenengane wiwit njabat tanggal 20 Oktober 2004 lan diampingi Jusuf Kalla minangka Wakil Presidhen .

Latar Wuri Kulawarga [ besut | besut sumber ]

Susilo Bambang Yudhoyono lair ing Kabupaten Pacitan , Jawa Timur tanggal 9 September 1949 saka pasangan Raden Soekotjo (bapak) lan Siti Habibah (ibu). Saka silsilah bapake, bisa digoleki nganti tekan Pakubuwana lan isih ana gegayutane karo trah Hamengkubuwana II . [1]

Kayadene bapake, SBY uga melu ing donyane militer. Saliyane manggon ing omah kulawargane kang ana ing Bogor ( Jawa Barat ), SBY uga manggon ing Istana Merdeka , Jakarta . Susilo Bambang Yudhoyono nikah karo Kristiani Herrawati putri kaping telune saka Jenderal (Purnawirawan) Sarwo Edhi Wibowo (alm). Komandan militer Jenderal Sarwo Edhi Wibowo melu ngrewangi numpes PKI ( Parte Kuminis Indonesia ) ing taun 1965 . Susilo Bambang Yudhoyono duweni putra kang cacahe loro, ya iku Agus Harimurti Yudhoyono (lair 1978 ) lan Edhie Baskoro Yudhoyono (lair 1980 ).

Agus iku lulusan saka SMA Taruna Nusantara ing taun 1997 lan Akademi Militer Indonesia taun 2000 . Kayadene bapake, Agus uga entuk bebungah Adhi Mekayasa lan prajurit kanthi gelar Letnan Satu Tentara Nasional Indonesia Angkatan Dharat kang tinanggenah ing Batalion Infantri ing Bandung , Jawa Barat . Agus nikah karo Anissa Larasati Pohan , aktris kang uga putrine mantan Deputi Gubernur Bank Indonesia . Wiwit pertengahan taun 2005 , Agus nerusake sekolah kanggo entuk gelar master-e ing Strategic Studies at Institute of Defense and Strategic Studies , Singapura . Putrane kang ragil, Edhie Baskoro lulus kanthi gelar gandha ing Financial Commerce dan Electrical Commerce taun 2005 saka Curtin University of Technology ing Perth , Australia Kulon .

Pendhidhikan [ besut | besut sumber ]

  • Akademi Angkatan Bersenjata RI (Akabri) taun 1973
  • American Language Course , Lackland, Texas Amerika Sarekat , 1976
  • Airbone and Ranger Course , Fort Benning, AS, 1976
  • Infantry Officer Advanced Course , Fort Benning, AS, 1982 - 1983
  • On the job training di 82-nd Airbone Division , Fort Bragg, AS, 1983
  • Jungle Warfare School , Panama , 1983
  • Kursus Senjata Antitank ing Belgi lan Jerman , 1984
  • Kursus Komando Batalyon, 1985
  • Sekolah Komando Angkatan Darat, 1988 - 1989
  • Command and General Staff College , Fort Leavenworth, Kansas , AS
  • Master of Art (MA) saka Management Webster University , Missouri , AS
  • Dhoktor ing babagan Ekonomi Pertanian saka Institut Pertanian Bogor (IPB), taun 2004

Karier Militer [ besut | besut sumber ]

Taun 1973, panjenengane lulus saka Akademi Militer Indonesia (Akabri: Angkatan Bersenjata Republik Indonesia ) kanthi pakurmatan Adhi Makayasa minangka murid lulusan paling apik lan Tri Sakti Wiratama kang minangka prestasi paling dhuwur gabungan mental, fisik, lan intelek. Periode 1974-1976, panjenengane miwiti karier ing Dan Tonpan Yonif Linud 330 Kostrad. Ing taun 1976, panjenengane sekolah ing Airborne School lan US Army Rangers, American Language Course (Lackland- Texas ), Airbone and Ranger Course (Fort Benning) Amerika Sarekat .

Kariere trus ing periode 1976-1977 ing Dan Tonpan Yonif 305 Kostrad, Dan Tn Mo 81 Yonif Linud 330 Kostrad (1977), Pasi-2/Ops Mabrigif Linud 17 Kujang I Kostrad (1977-1978), Dan Kipan Yonif Linud 330 Kostrad (1979-1981), Paban Muda Sops SUAD (1981-1982). Periode 1982-1984, panjenengane sekolah ing Infantry Officer Advanced Course (Fort Benning) Amerika Sarekat.

Taun 1983, panjenengane sekolah ing On the job training in 82-nd Airbone Division (Fort Bragg) Amerika Sarekat, Jungle Warfare School (Panama, Kursus Senjata Antitank ing Belgia lan Jerman ing taun 1984, Kursus Komando Batalyon (1985) lan miwiti karier ing Komandan Sekolah Pelatih Infanteri (1983-1985), Dan Yonif 744 Dam IX/Udayana (1986-1988), lan Paban Madyalat Sops Dam IX/ Udayana (1988).

Periode 1988-1989, panjenengane sekolah ing Sekolah Komando Angkatan Darat lan nerusake menyang US Command and General Staff College (Fort Leavenwort) Kansas Amerika Sarekat ing taun 1991. Periode (1989-1993), panjenengane kerja dadi Dosen Seskoad Korspri Pangab, Dan Brigif Linud 17 Kujang 1 Kostrad (1993-1994), Asops Kodam Jaya (1994-1995), Danrem 072/Pamungkas Kodam IV/ Diponegoro (1995), lan Chief Military Observer United Nation Peace Forces (UNPF) ing Bosnia-Herzegovina (1995-1996). Lulusan Master of Art (MA) saka Management Webster University Missouri iki uga miwiti karier ing Kasdam Jaya (1996), lan Pangdam II/Sriwijaya uga dadi Ketua Bakorstanasda. Taun 1997, panjenengane diangkat minangka Kepala Staf Teritorial (Kaster) TNI kanthi gelar Letnan Jenderal. Panjenengane pensiun saka kemiliteran tanggal 1 April 2001 amarga diangkat dadi mantri. [2] [3]

Karier Pulitik [ besut | besut sumber ]

Susilo Bambang Yudhoyono tampil minangka juru wicara Fraksi ABRI nalika arep Sidang Umum MPR 1998 kang dianakake ing tanggal 9 Maret 1998 lan Ketua Fraksi ABRI MPR ing Sidang Istimewa MPR 1998. Tanggal 29 Oktober 1999 , panjenengane diangkat minangka Mantri Pertambangan lan Energi ing paprentahan kang dipandhegani dening Presidhen Abdurrahman Wahid . Setaun sawise iku, ing tanggal 26 Oktober 1999, panjenengane dilantik minangka Mantri Koordinator Pulitik, Sosial, lan Keamanan (Menko Polsoskam) minangka konsekuensi panyusunan kabinet Abdurrahman Wahid. [4]

Kanthi metune Maklumat Presidhen ing tanggal 28 Mei 2001 jam 12.00 WIB, Menko Polsoskam ditugasake supaya golek langkah-langkah mirunggan kanggo mbrantas krisis, ngadhegake katertiban, keamanan, lan hukum sacepete amarga kaanan pulitik kang darurat. Nalika iku, Menko Polsoskam kang nyekel mandhat nerjemahake kaanan pulitik darurat ora padha karo kaanan darurat kang ana ing sajeroning Undang-undang Nomor 23 taun 1959.

Durung genep setaun dadi Menko Polsoskam utawa limang dina sawise nyekel mandhat, panjenengane dikon mundur ing tanggal 1 Juni 2001 dening kang menehi mandhat amarga ana ketegangan pulitik antarane Presidhen Abdurrahman Wahid lan DPR . Jabatan pengganti minangka Mantri Dalam Negeri utawa Mantri Perhubungan kang ditawarake dening presidhen ora tau ditrima.

Kabinet Gotong Royong kang dipandhegani dening Presidhen Megawati Soekarnoputri nglantik panjenengane dadi Mantri Koordinator Babagan Pulitik lan Keamanan (Menko Polkam) ing tanggal 10 Agustus 2001. Ngrasa ora dipercaya maneh karo presidhen, kalungguhan Menko Polkam ditinggalake ing tanggal 11 Maret 2004. Madege Parte Dhemokrat ing tanggal 9 September 2002 nguwatake jenenge supaya bisa tekan puncak karier pulitik. Nalika Parte Dhemokrat dideklarasikake ing tanggal 17 Oktober 2002, panjenengane dicalonake dadi presidhen ing pemilu presidhen 2004.

Sawise mundur saka kalungguhan Menko Polkam lan bebarengan karo masa kampanye pemilu legislatif 2004, kanthi cara resmi panjenengane ana ing koridor Parte Dhemokrat. Anane panjenengane sajeroning Parte Dhemokrat bisa sukses ing pemilu legislatif kanthi entuk 7,45 % suwara. Ing tanggal 10 Mei 2004, telung parte pulitik ya iku Parte Dhemokrat, Parte Keadilan lan Persatuan Indonesia , lan Parte Bulan Bintang kanthi cara resmi nyalonake panjenengane minangka presidhen lan kaampingan dening kandhidhat wakil presidhen Jusuf Kalla .

Ringkesan Karier [ besut | besut sumber ]

  • Dan Tonpan Yonif Linud 330 Kostrad (1974-1976)
  • Dan Tonpan Yonif 305 Kostrad (1976-1977)
  • Dan Tn Mo 81 Yonif Linud 330 Kostrad (1977)
  • Pasi-2/Ops Mabrigif Linud 17 Kujang I Kostrad (1977-1978)
  • Dan Kipan Yonif Linud 330 Kostrad (1979-1981)
  • Paban Muda Sops SUAD (1981-1982)
  • Komandan Sekolah Pelatih Infanteri (1983-1985)
  • Dan Yonif 744 Dam IX/Udayana (1986-1988)
  • Paban Madyalat Sops Dam IX/Udayana (1988)
  • Dosen Seskoad (1989-1992)
  • Korspri Pangab (1993)
  • Dan Brigif Linud 17 Kujang 1 Kostrad (1993-1994)
  • Asops Kodam Jaya (1994-1995)
  • Danrem 072/Pamungkas Kodam IV/Diponegoro (1995)
  • Chief Military Observer United Nation Peace Forces (UNPF) ing Bosnia-Herzegovina (wiwit sasi November 1995)
  • Kasdam Jaya (1996-mung limang sasi)
  • Pangdam II/Sriwijaya (1996?1997) uga dadi Ketua Bakorstanasda
  • Asospol Kassospol ABRI/wakil Ketua Fraksi ABRI MPR (Sidang Umum MPR 1998)
  • Kassospol ABRI/ Ketua Fraksi ABRI MPR (Sidang Istimewa MPR 1998)
  • Kepala Staf Teritorial (Kaster ABRI (1998?1999)
  • Mantri Pertambangan lan Energi (wiwit 29 Oktober 1999)
  • Mantri Koordinator Pulitik Sosial Keamanan (paprentahan Presidhen KH Abdurrahman Wahid)
  • Mantri Koordinator Pulitik lan Keamanan(paprentahan Presidhen Megawati Soekarnoputri) mundur kalungguhan tanggal 11 Maret 2004
  • Presidhen Republik Indonesia (2004?2009)
  • Presidhen Republik Indonesia (2009?2014)

Penugasan [ besut | besut sumber ]

Jenderal TNI (Purnawirawan) Susilo Bambang Yudhoyono kang tau ditugasake ing operasi ing Timor-Timur ing periode 1979-1980 lan 1986-1988 iki entuk gelar dhoktor (Ph.D.) ing babagan Ekonomi Pertanian saka Institut Pertanian Bogor (IPB) nalika tanggal 3 Oktober 2004. Nalika tanggal 15 Dhesember 2005 , panjenengane entuk gelar dhoktor kehormatan ing babagan ngelmu pulitik saka Universitas Thammasat Bangkok ( Thailand ) [5] . Ing pidato nalika nampa gelar, panjenengane ngandarake yen pulitik minangka seni kanggo owah lan transformasi sajeroning nagara dhemokrasi kang tentrem. Panjenengane ora yakin tenan yen pulitik iku ngelmu.

Masa Kepresidenan [ besut | besut sumber ]

MPR ing periode 1999?2004 ngamandemen Undang-Undang Dasar 1945 mula ndadekake presidhen lan wakil presidhen dipilih kanthi cara langsung karo rakyat. Pemilu presidhen rong tahap banjur panjenengane bisa menang kanthi 60,9 % suwara pemilih lan kapilih dadi presidhen. Panjenengane banjur dicathet minangka presidhen terpilih pisanan pilian rakyat lan tampil minangka presidhen Indonesia kaping enem sawise dilantik ing tanggal 20 Oktober 2004 bebarengan karo Wakil Presidhen Jusuf Kalla. Panjenengane unggul saka pasangan Presidhen Megawati Soekarnoputri- Hasyim Muzadi ing pemilu 2004.

Kolusi, Korupsi, dan Nepotisme (KKN) minangka prioritas wigati ing paprentahane saliyane prakara kasus terorisme global. Penanggulangan bebayaning narkoba, togel, lan adol-tinuku manungsa uga dadi prakara kang abot lan butuh kerja kang tenanan bebarengan karo rakyat lan pamarentah.

Ing masa jabatane, Indonesia asring kena bencana alam kaya ta gelombang tsunami , lindhu , lsp. Kabeh iku dadi tantangan tambahan kanggo Presidhen kang isih ngupayakake munggahake ekonomi nagara lan karaharjan rakyat.

Susilo Bambang Yudhoyono uga mbentuk UKP4R, lembaga kepresidenan kang saiki dipandhegani dening Kuntoro Mangkusubroto ( Marsilam Simandjuntak nalika nembe diwangun) tanggal 26 Oktober 2006 . [6] Nalika pisanan diwangun, lembaga iki ditentang karo Parte Golkar amarga ana isu Wakil Presidhen Jusuf Kalla ora diajak nalika mbentuk lembaga iki sarta isu anane UKP4R kanggo ngethok wewenang Wakil Presidhen, nanging pungkasane bisa ditrima sawise SBY njelasake dhewe ing katrangan pers. [7]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Garda Maeswara, (2009), Biografi Pulitik Susilo Bambang Yudhoyono, Penerbit Narasi, ISBN 978-979-16817-5-9 .
  2. Institute of Southeast Asian Studies, (2005), Indonesia: the challenge of change, Institute of Southeast Asian Studies, ISBN 978-981-230-243-4 .
  3. Michelle Ann Miller, (2009), Rebellion and Reform in Indonesia: Jakarta's Security and Autonomy Polices in Aceh, Taylor & Francis, ISBN 978-0-415-45467-4 .
  4. Greg Barton, (2002), Abdurrahman Wahid, Muslim democrat, Indonesian president: a view from the inside, UNSW Press, ISBN 978-0-86840-405-9 .
  5. Presiden Terbang ke Malaysia, Dapat Gelar Dhoktor di Thailand
  6. Presiden Wujud Tim Percepatan Reformasi (detik.com) kaakses tanggal 22 Juli 2012
  7. Penjelasan Presiden RI soal UKP-PPR "UKP-PPR Bukan Merupakan Pos Pulitik" kaakses tanggal 22 Juli 2012