한국   대만   중국   일본 
Simon tiyang Zelot - Wikipedia Menyang konten

Simon tiyang Zelot

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Santo Simon tiyang Zelot

Ikon Greja Ortodoks Ruslan karyanipun satunggiling pelukis taun 1720.
Rasul lan Martir
Miyos Abad sepindhah SM utawi M, Kana utawi Kanaan
Tilar donya ~ 107 [1] , kamungkinan Pella, Armenia utawi Suanir, Persi utawi Edessa
Dipun urmati ing Greja Katulik Roma , Greja Ortodoks , Greja Ortodoks Oriental , Greja Koptik , Greja Katulik Ritus Wetan , Greja Anglikan , Greja Lutheran .
Papan ziarah utama relik wonten ing kathah papan, kalebet ing Toulouse lan Basilika Santo Petrus [2]
Dinten pengetan 28 Oktober (Greja Roma); 10 Mei (Greja Koptik)
Atribut kapal, salib lan graji, ulam (utawi kalih iwak), tombak, dhayung [2]
Pangreksa kurir, tukang nggraji, tukang samak [3]
Portal Santo

Simon tiyang Zelot punika salah satunggil saking 12 rasul sepindhahipun Yesus Kristus miturut cathetan Prajanjian Enggal ing Alkitab Kristen . Panjenenganipun dipunsebat ugi minangka "Simon Kananaios" (utawi "Simon tiyang Kanani"). Tapak karasulanipun boten kathah dipuntepangi lan sakedhik seratan prakawis panjenenganipun.

Nami "Simon" kathah dipunsebutaken salebetipun Injil sinoptik lan Para Rasul , ingkang saged tegesipun rasul sanesipun, tanpa panjlasan langkung tebih.

Simon ingkang ugi dipunparingi nama Petrus dening Yesus, lan Andreas sadherekipun Simon, Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartolomeus, Matius lan Tomas, Yakobus anak Alfeus, lan Simon ingkang dipunsebat tiyang Zelot, Yudas anak Yakobus, lan Yudas Iskariot ingkang salajengipun dados pengkhianat. (Lukas 6:14-16)

Kangge mbentenaken piyambakipun kaliyan Simon Petrus , panjenenganipun dipunsebat Kananious utawi Kananites ( Matius   10:4 ; Markus   3:18 ) lan salebetipun dhaftar rasul ing Lukas   6:15 , dipunambali ing Kisah Para Rasul   1:13 . Tembung " Zelot " dipunturunaken saking basa Ibrani, qana , ingkang tegesipun "tiyang ingkang tekun" (basa Inggris: "The Zealous"). Tembung Zelot piyambak ugi saged ateges kitha Kana utawi laladan Kanaan .

Robert Eisenman (Eisenman 1997 kaca 33-34) nedahaken Zelot punika nama satunggiling golongan.

Salebetipun Prajanjian Enggal , Simon tiyang Zelot boten nate dipuntepangi minangka Simon sedherekipun Yesus ingkang kaserat ing Injil Markus 6:3. Miturut Catholic Encyclopedia Simon ing perikop punika inggih punika Simeon saking Yerusalem ingkang dipuntepangi minangka biskop Yerusalem kaping kalih.

Referensi [ besut | besut sumber ]

  • Eisenman, Robert . 1997. James the Brother of Jesus: The Key to Unlocking the Secrets of Early Christianity and the Dead Sea Scrolls. (Viking Penguin)

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]


Rasul Yesus Kristus
Panginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas
Sanesipun: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas /Didimus
Yakobus anak Alfeus | Simon tiyang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot ingkang dipungantos dening Matias