Senam

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Senam

Senam ya iku kalebu sajeroning cabang ulah raga kang nganggo grakan mbutuhake tenaga,lan bisa selaras antarane obahan fisik sing teratur. [1] Wujud modern senam ya iku: Palang tak seimbang , balok keseimbangan , senam lantai . [1] Wujud-wujude iku mau bisa tumuwuh saka latihan kang digunakake dening bangsa Yunani kuna kanggo numpaki lan mudun saka kewan jaran lan sirkus . [1]

Senam racake digunakake wong kanggo rekreasi , relaksasi utawa nenangake pikiran, racake ana sing dilakoake ing omah , ing panggonan kanggo senam utawa fitness , ing gymnasium utawa ing sekolah . [1]

Saiki, wiwit cilik wis akeh bocah cilik kang wis biyasa dilatih senam, diajari wong tuane utawa guru ulah raga ing sekolah. [1]

Senam iku wigati banget kanggo mbentuk awak , supaya awak dadi sehat lan seger. [1]

Senam jenise warna-warna, ana senam lantai , senam hamil , senam aerobik , senam pramuka , Senam Kesegaran Jasmani (SKJ), dsp. [2] Biasane ing sekolah dhasar utawa SD, guru-guru ngajarake senam-senam kang gampang dimangerteni dening murid-murid, kaya ta SKJ lan senam pramuka. [2] Nanging nalika wis wiwit remaja , akeh wong-wong kang nglakokake senam aerobik, utawa senam-senam liyane kang kalebu meditasi kanggo nenangake pikiran. [2]

Dheleng uga [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f Senam Archived 2011-05-18 at the Wayback Machine . (Dipuntingali tanggal 16 Juni 2011)
  2. a b c raga-Fitness/Aerobik/1/ Ulah raga & Fitness > Aerobik [ pranala mati permanen ] (Dipuntingali tanggal 17 Juni 2011)

Gladri [ besut | besut sumber ]