한국   대만   중국   일본 
Sawah - Wikipedia Menyang konten

Sawah

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawah mawa teras ing Vietnam
Weluku ing satengahe sawah ing Sleman, Ngayogyakarta
Kaendahan kuwaosaning Gusti

Sawah utawa sabin ( basa krama ) iku tegal kanggo budidaya tuwuhan pari . Sawah iku lumrahe papane ana ing rawa-rawa teles. Yen sawah garing, dijenengake sawah gaga. Sawah dipethak-pethak lan diwatesi nganggo galeng utawa galengan ( basa Indonesia : pematang ). Sawah kang diwehi banyu mawa sistem irigasi diarani sawah irigasi, dene yen banyune mung ngandelake saka tumuruning udan diarani sawah tadhah udan .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Para ahli purbakala lumrahe percaya yen tetanen ing lahan teles kaya sawah iki asale saka Cina . Ing Caoxieshan, sawijining situs saka jaman budaya Neolitik Majiabang, ahli purbakala nemu patilasan sawah [1] . Sawetara ahli nyatakake yen Caoxieshan wus ana ing taun 4000-3000 S.M. [2] [3] , nanging saiki, tilas sawah kang luwih tuwa tinemu ing Korea [4] . Ana bukti arkeologis yen gabah disimpen kanggo pasadiyan militer ing jaman Neolitik dening Dinasti Han ing Cina. [5]

Pangolahan lahan sawah kanthi tradhisional [ besut | besut sumber ]

Ngolah lemah lahan sawah utmane kang disiapake kanggo nandur pari kanthi tradhisional antarane dumadi saka saweatara pagawean kanthi urutan kaya mangkene:

  • Macul kanggo malik lemah mligi ing pinggir-pinggir galeng kang isih akeh ngandut hara.
  • Mluku malik lemah nganggo piranti waluku .
  • Nggaru ngratakake lemah nganggo piranti garu kang diseret sapi utawa kebo
  • Nyebar winih|Nyebar yaiku nyebar winih pari ing papan pawinihan.
  • Ndhaut iku nyabuti winih pari saka papan pawinihan lan disiapake kanggo ditandur.
  • Tandur iku nandur bibit pari kang wis didaut kanthi jejer ing lahan kang wis warata amarga digaru.
  • Matun iku ngresiki suket utawa gulma
  • Sulam yaiku nyulami utawa ngganti yen ana saperangan wit pari kang mati
  • Ngabuk yaiku menehi abuk ing sawah nganggo warna-warna abuk gumantung kabutuhan.
  • Derep yaiku manen pari kanthi cara tradhisional yaiku nganggo piranti ani-ani .
  • Bawon yaiku bagi asil panen pari antarane kang duwe sawah karo kang ngayahi derep. Sing umum wong derep oleh perangan sapro enem utawa sapro wolu saka asile derep.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Fujiwara, H. (ed.). Search for the Origin of Rice Cultivation: The Ancient Rice Cultivation in Paddy Fields at the Cao Xie Shan Site in Cina . Miyazaki: Society for Scientific Studies on Cultural Property, 1996. (In Japanese and Chinese)
  2. Fujiwara 1996
  3. Tsude, Hiroshi. Yayoi Farmers Reconsidered: New Perspectives on Agricultural Development in East Asia. Bulletin of the Indo-Pacific Prehistory Association 21(5):53-59, 2001.
  4. Crawford, Gary W. and Gyoung-Ah Lee. Agricultural Origins in the Korean Peninsula. Antiquity 77(295):87-95, 2003.
  5. "Expansion of Chinese Paddy Rice to the Yunnan-Guizhou Plateau" . Dibukak ing 2007-08-06 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]