한국   대만   중국   일본 
Sapi - Wikipedia Menyang konten

Sapi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sapi
Sapi karo pedhet (anake)
Klasifikasi ngelmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Artiodactyla
Famili: Bovidae
Subfamili: Bovinae
Genus: Bos
Spesies: B. taurus
Jeneng binomial
Bos taurus
Linnaeus , 1758

Sapi ( Basa krama : lembu ) iku kewan raja-kaya saka familia Bovidae lan subfamilia Bovinae . [1] Saliyane dipiara kanggo nggarap sawah (dening wong tani) kaya ta (narik luku , garu ,lan liya-liyane), sapi uga bisa dijupuk susu lan daginge . [1] Daging sapi rasane enak lan bisa digawe warna-warna masakan. [1] Saliyane iku kulit sapi uga bisa dimanfaatke kanggo gawe bedhug , kendhang , lan wayang kulit . [1]

Pakan Sapi [ besut | besut sumber ]

Pakan kewan raja-kaya kang tradhisional lumrahe suket , godhong jagung , lan godhong -godhongan kaya ta godhong waru , godhong pethet , lan liya-liyane. [2] Mengkono uga sapi, lumrahe saliyane godhong-godhongan kaya mau uga kadang-kadang dicampuri katul yaiku glepung saka kulit beras . [2] Katul iku digawe saka kulit beras kang digiling. [2] Nanging bahan-bahan pangan kaya mau lumrahe thukule musiman. [2] Yen wayah udan akeh sing thukul subur lan yen wayah katiga bakal padha garing . [2] Apamaneh yen wayah rendheng bakal mati kebaceken. [2] Mulane yen wayah mangsa-mangsa kang tinamtu para peternak sapi bakal kangelan luru pakan sapi. [2] Saliyane iku, rega suket uga mundhak. [2] Saiki ana pakan sapi kang ora gumantung saka mangsa. [2] Pakan sapi kang jenenge protefeed iki bisa tinemu sawayah-wayah tanpa ngenteni mangsa udan. [2] Protefeed iki bahane saka sampah nabati . [2] Sampah nabati iki tuladhane sampah kulit wiji kopi , ampas tebu (ampas sisa gawe gula) lan ampas tela . [2] Bahan-bahan kang asale saka sampah ing dhuwur iku duwe protein kang akeh, saengga bisa nambah gizi pakan sapi. [2]

Habitat [ besut | besut sumber ]

Sapi ana kang diternak ing padang rumput lan diumbar urip bebas. [3] Model raja-kaya kang kaya ngene iki kaya ta ing laladan Sumba - Sumbawa lan ing Eropa kang akeh padang rumput . [3] Saliyane cara kang kaya mangkono ana uga sapi kang diternak kanthi cara dikandhang. [3] Dadi sapi-sapi mau urip ing kandhang sapi. [3] Sanajan uripe ing kandhang , nanging sapi-sapi mau kanthi rutin dipakani lan dirumat. [3] Kandhang sapi kudu diresiki sawayah-wayah supaya sapi ora kena lelara , saliyane iku sapi kudu dibedhiangi. [3] Sapi dibedhiangi kanthi cara diobongake dami (wit pari) yen wayah bengi. [3]

Jinis Sapi [ besut | besut sumber ]

Ing Indonesia ana warna-warna jinis sapi. [4]

Jinis Sapi Unggulan
No. Jinis Cirine
01. Sapi Simental warna kulite coklat rada abang
wulu perangan endhas
sikil wernane putih
awake gedhe, keker
apike diopeni ing panggonan kang duweni iklim sedheng.

kang diolah umume daginge.

02. Sapi Ongole Wernane putih semu klawu
Gelambire wiwit ngisor rahang nganti dhadha
Endhase dawa
Kupinge cilik, kaku
Kempole gedhe, kulite kandel
03. Sapi Madura Wernane abang bata
Duweni sungu kang cilik rada metu
04. Sapi Limosin Wernane soklat nom, kuning rada klawu
Awake gedhe dawa
Paling cocok urip ing daerah kanthi iklim sedhengan
05. Sapi Fries Holand Duweni werna putih ireng kanthi wates kang cetha
Ing pucuking buntut wernane putih
06. Sapi Brangus Wernane ireng
Gulu lan kupinge cendhak
Gegere lurus
Awake gedhe, keker
sikile gedhe, kuwat
campuran antarane sapi Brahman lan Angus
07. Sapi Brahman wernane putih, awu-awu, utawa abang
gelambire saka rahang nganti dhadha
punuke ing dhuwur bahu
endhase dawa
kupinge gedhe
kempole gedhe
kulite kandel
08. Sapi Aberden Angus Werna ireng
Gulu cendhak
Kuping cendhak
Wulu akeh
Geger lurus

Awake gempal
Sikil gedhe, kuwat.

09. Sapi Bali Wedok wernane abang semu emas
Lanang wernane ireng
Bokong mengisor wernane putih
Sungune gedhe, dawa, madhep mengarep
Sikile kuwat.

Asil olahan [ besut | besut sumber ]

Dendeng sayat [ besut | besut sumber ]

Dendeng sayat yaiku lembaran tipis daging sapi kang dibumboni. Dendeng sayat iki kanggo lawuh nalika mangan. Cara masak dendeng sayat kanthi di goreng . [5]

Susu sapi [ besut | besut sumber ]

Masarakat Indonesia wiwit mangerteni yen sapi bisa ngasilake susu nalika dijajah bangsa Walanda, udakara abad XVII [6] . Susu sapi bisa digawe warna-warna panganan. Prinsip kanggo ngolah susu sapi yaiku pasteurilisasi lan sterilisasi . [7] Susu kalebu nutrisi sepisanan kanggo makluk kang lagi wae lair, kanggo kewan apa dene kanggo manungsa. [7] Susu sapi duwe gizi kang akeh, amarga susu sapi ngandhut zat kimia kang dibutuhake awak kaya ta Calsium , Phosphor , Vitamin A , Vitamin B lan Riboflavin kang dhuwur. [7] Susu sapi gampang dicerna usus lan duwe protein , mineral lan vitamin . [7] Telu-telune ndadekake susu sapi dadi bahan panganan kang fleksibel kang bisa diatur kadar lemake, saengga bisa jumbuh karo selera konsumen . [7] Susu sapi uga bisa diolah saengga duwe rasa stroberry , rasa jeruk , anggur lan buah-buah liyane. [7] Susu kalebu bahan pangan hewani, yaiku wujud cuweran putih kang diasilake kewan raja-kaya lan kanthi cara diperes. [7] Saiki, meh saben laladan duwe pabrik susu . [7] Ing Sumatra Lor susu diasilake ing Kabupaten Deli Serdang , Simalungun , Binjai lan Medan . [7] Ing Pulo Jawa , susu diasilake lan diproses ing laladan Jawa Barat yaiku Lembang lan ujung berung , Jawa Tengah yaiku ing Semarang , Ungaran lan Boyolali lan ing laladan Jawa Wetan yaiku ing Pujon , Nongko jajar , Batu lan Grati . [7] Ing Amerika Sarekat , laladan-laladan penghasil susu ana ing kawasan urban utawa perkotaan kang akeh pandhudhuke. [7] Praja Amerika Sarekat kang ngasilake susu kaya ta Wisconsin , California , New York , Minnesota , Pensylvania , Michican , Ohio lan Iowa . [7]

Susu sapi bisa dadi sumber protein . [1] Para ilmuwan nerangake yen susu sapi bisa dadi pengganti ASI utawa ''Air Susu Ibu'' . [1] Saliyane iku susu sapi bisa dadi nutrisi kang ora mbebayani tumrap kasehatan awak. [1]

Cara Nemtokake Umur Sapi [ besut | besut sumber ]

Cara kanggo nemtokake umur sapi yaiku kanthi ndeleng untune sapi [6] . Cara iki asring digunakake kanggo mangerteni umur sapi kang ora dicathet kapan laire sapi kasebut dening para peternak sapi.

  1. Nemtokake umur pedhet

Nalika dideleng untu ne pedhet wis ana lan jangkep nanging durung temata, bisa dingerteni yen umur pedhet kasebut kira-kira 12-17 dina. Yen untune wis jejer lan temata umur pedhet kasebut luwih saka 30 dina. Yen untu pedhet wis ana tandha nate dienggo utawa ana gesekan, pedhet kasebut umure 2-3 sasi. Sungune uga wis metu, dawane kira-kira 3 cm. Untu seri sapi kanthi nomer I 1 yen wis nate digunakake kanthi titikan ana tipet gesekan karo ilat , pedhet kasebut umure 10-12 sasi.

2. Nemtokake umur sapi diwasa

Menawa untu sapi I 1 wis ganti karo untu tetep, mula sapi wis diarani diwasa. Biasane umure wis mancik 2 taun. Yen untu sapi kang nomer I 2 wis ganti, umure wis 3 taun. Yen untu nomer I4 wis ganti, umure sapi wis 4 taun.

Lelara Tumraping Sapi [ besut | besut sumber ]

Maneka lelara bisa nyerang sapi, lelara iki bisa njalari mudhune maneka asil olahan produksi sapi lan ana kang bisa njalari sapi mati. Lelara kang umum ditemokake ing sapi yaiku: [6]

  1. Radang Ambing utawa Mastitis
  2. Bloat Timpanitis
  3. Penyakit Mulut lan Kuku (PMK)
  4. Antrak utawa radang limpa
  5. Tuberkulosis (TBC)

Liya-liya [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Gladri [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g [1] (dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m http://www.disnak.jabarprov.go.id(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  3. a b c d e f g green.kompasiana.com (dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  4. disnakeswan.kalbarprov.go.id Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  5. [2] Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 23 April]
  6. a b c Sunaryo, Sunaryo (2006). sapiku penghasil susu . bandung: Sinergi Pustaka Indonesia.
  7. a b c d e f g h i j k l [3] Archived 2010-12-27 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)