Pyeongchang

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pyeongchang
平昌
County
Trankripsi Basa Korea
 ? Hangul 平昌郡
 ? Hanja 平昌郡
 ?  Revised Romanization Pyeongchang-gun
 ?  McCune-Reischauer P'y?ngch'ang-gun [1]
Resor ski Pyeongchang
Resor ski Pyeongchang
Official logo of Pyeongchang
Logo Pyeongchang
Location of Pyeongchang
Country   Korea Kidul
Region Gangwon
Pamerangan administratif 1 eup , 7 myeon
Laladan
 ? Gunggung 1.463,65 km 2 (56,512 sq mi)
Cacah warga (2008)
 ? Gunggung 43.706
 ? Pepadhet 30/km 2 (80/sq mi)
 ? Dhialek Gangwon

Pyeongchang (平昌郡) inggih punika nama satunggalipun kabupaten ing provinsi Gangwon , Korea Kidul . [2] Kabupaten Pyeongchang inggih punika dados panggenan ingkang kawentar minangka papan pariwisata ing wekdal mangsa dingin, kados ulah raga ski lan rekreasi sanesipun. [2] Pyeongchang wonten ing antawisipun Pagunungan Taebaek lan Charyeong ing provinsi Gangwon saengga mangsa dingin ing mrika saged dugi langkung rikat lan mangsa punika wekdalipun dangu. [2] Hawa adhem wonten ing Pyeongchang saged dipunraosaken ing sasi Oktober lan pungkasanipun ing sasi April . [2] Dhataran Kabupaten Pyeongchang kathahipun wonten ing dhataran ingkang dipunapit kaliyan pagununan ingkang gadhah inggil langkung saking 1000 meter saking parmukaan sagara . [2] Pyeongchang gadhah inggil watawis 500 meter saengga padamelan ing bab tani namung sakedhik. [2]

Pariwisata [ besut | besut sumber ]

Salah satunggalipun panggenan pariwisata ingkang utami nalika mangsa dingin ing Pyeongchang inggih punika Resor Doam-myeon ingkang dados resor ski ingkang sepisanan ing Korea ingkang dipunbikak taun 1975. [2] Resor Doam-myeon sukses ngawontenaken kajuaraan kados Winter Asian Games taun 1999 lan final World Cup Skiing ing taun 1998 lan 2000 . [2] Wonten ing taun 2000 , Kabupaten Pyeongchang nyalonaken dados panggenan adicara Olimpiade Mangsa Dingin taun 2010 nanging kalah saking kutha Vancouver , Kanadha . [2] Pyeongchang nyalonaken malih dados tuan rumah Olimpiade Mangsa Dingin taun 2014 . [2] Nanging kalah saking Sochi , Ruslan . [3] Rencananipun Pyeongchang badhe saged Olimpiade Mangsa Dingin taun 2018 . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. "P'y?ngch'ang-gun: South Korea - name, geographic coordinates, administrative division, and map" . Geographical Names . Dibukak ing 2011-07-08 .
  2. a b c d e f g h i j k Pyeongchang Wonderland for Winter Sports [ pranala mati permanen ] dipunundhuh tanggal 11 Juli 2011)
  3. PyeongChang Warming Up for 2018 Winter Olympics dipunundhuh tanggal 11 Juli 2011)

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Pyeongchang Wonderland for Winter Sports [ pranala mati permanen ]