Wadon

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Putri )
Simbol wadon


Wadon yaiku sesebutan kang dipigunakake dening salah sijine manungsa kang jinis kelamine wadon. Lawan jinise wong wadon yaiku wong lanang . Wadon yaiku salah sijine wujud tembung kang lumrahe dimumpangatake kanggo nggambarake wanita desa kang diwasa. Wong wadon kang wis kawin bisa uga sok diarani ibu lan wong wadon kang wis duwe putra sok diarani simbok , utawa mamak . Semana uga wong wadon kang durung kawin sok diarani dening sebutan prawan utawa kira-kira umure kurang luwih 16 nganti 21 taun uga bisa diarani putri utawa gadis. Wong wadon dhuweni salah sijine piranti kanggo kekawinan lan duwe lan bisa nglakoni ngandhut , nglairake lan nyusoni .