Propagandha

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan propagandha Prancis Napoleon Nyabrang Alpen (1805), minangka gegambaran romantik dening Jacques-Louis David nalika Perang Napoleonik.

Propagandha iku pratelan, mligi kang sipate sih-sihen, kanggo ngangkat lan mbiwara ancas utawa cara pandeleng pulitik tinamtu. Propagandha iku ana gayutane karo mekanisme psikologis kanggo mrabawa lan ngrobah cara pandelenge wong akeh marang ancas, keblat, utawa agendha pulitik tinamtu nedya minangka konsensus tumrap saprangkat pola kapitayan kang baku. [1]

Propagandha iku pratelan kang ora adil lan mligi kanggo mrabawani pamirsa lan kanggo agendha ing tembe mburi, asring kanthi pilih-pilih saperlu nuduhake kasunyatan (contone goroh lumantar panyawad) nedya nyantosani sintesis tinamtu, utawa kanthi pamekas-pamekas kabobot murih entuk wales emosional, dudu rasional, marang pratelan kang dituduhake. [1]

Ing wektu iki, istilah propagandha iku magepokan karo pamarekan jingoistik tur manipulatif, nanging duk nguni propagandha iku istilah dheskriptif kang netral. [1] [2]

Etimologi [ besut | besut sumber ]

Propaganda iku tembung Latin modheren, wujud gerundhif saka tembung propagare , kang werdine mratahake utawa nyebarake , mula propaganda ateges kang disebarake . [3] Purwane, tembung iki asal saka badan administratif anyar ing Greja Katulik (konggregasi) kang diyasa ing taun 1622 ingaran Congregatio de Propaganda Fide (Konggregasi kanggo Nyebarake Kapitayan), utawa ora resmine ingaran Propaganda . [2] [4] Kagiyatan-kagiyatane ngarah "nyebarake" kapitayan Katulik marang nagara-nagara nir-Katulik. [2]

Kawit taun 1790-an, istilah iku wiwit dianggo marang kagiyatan-kagiyatan propaganda sekuler. [2] Istilah iku lekas ngemu konotasi peyoratif ing kala tengahan abad ping 19, nalika tembung iku dianggo ing mandala pulitik. [2]

Pratelan tetembungan [ besut | besut sumber ]

Cathetan [ besut | besut sumber ]

  1. a b c Smith, Bruce L. (February 17, 2016). "Propaganda" . britannica.com . Encyclopædia Britannica, Inc. Dibukak ing April 23, 2016 .
  2. a b c d e Diggs-Brown, Barbara (2011) Strategic Public Relations: Audience Focused Practice p. 48
  3. Bausastra Oxford .
  4. "Online Etymology Dictionary" . Dibukak ing 6 March 2015 .