Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Perang Ossetia Kidul 2008
diwiwiti ing
10 Agustus
2008
sawise pertempuran antara bala
Georgia
lan kaum separatis
Ossetia Kidul
. Sawise sarujuk nganakake gencatan senjata, tanggal
7 Agustus
Georgia nandangi operasi militer kanggo ngrebut kutha
Tskhinvali
, ibukutha Ossetia Kidul, minangka jawaban marang serangan separatis ing sawijining desa ing Georgia.
[3]
[4]
Tanggal
8 Agustus
,
Ruslan
sing ngrewangi separatis Ossetia Kidul, mbales kanthi ngirim bala lumebu menyang Georgia, nggawa tank lan artileri menyang Tskhinvali. Miturut
Presidhen Ruslan
Dmitry Medvedev
, tujuan Ruslan yakuwi kanggo nglindhungi sing ndunungi Ossetia Kidul sing nduwe status warga nagara Ruslan.
Presidhen Georgia
Mikheil Saakashvili
nyatakake negarane nglindhungi Georgia saka agresi Ruslan lan bala Ruslan ngebom sing ndunungi Georgia.
[5]