한국   대만   중국   일본 
Parmigiano-Reggiano - Wikipedia Menyang konten

Parmigiano-Reggiano

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Irisan Parmigiano reggiano

Cithakan:Infobox Cheese

Parmigiano-Reggiano inggih punika keju mawi tekstur atos saking susu sapi ingkang dipundamel ing laladan-laladan ing Italia dening ingkang damel keju kagabung ing Consorzio Formaggio Parmigiano-Reggiano . [1] [2] Consorzio Formaggio Parmigiano-Reggiano inggih punika organisasi swatantra ingkang ngurus babagan produk susu. [2] Keju punika dipundamel ugi ing nagara sanes kados ta Argentina , Australia , lan Amerikah Sarekat anthi nama parmesan . [3] Namung keju ingkang dipundamel ing Italia ingkang saded dipunsebat Parmigiano-Reggiano. [3] Keju punika pikantuk namanipun saking laladan minangka papan minangka keju kaebut dipundamel. [4] Parmigiano ateges saking Parma wonten ing Basa Italia . [4] Dene Reggiano tumuju ing laladan Reggio-Emilia . [4] Keju punika dipundamel ing saperangan laladan ing Italia , kados ta Bologna , Modena , Parma , Reggio Emilia , lan Montova .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Sajarah keju punika kawiwitan ing abad kaping 13, ing provinsi-provinsi ing lor Italia , inggih punika Parma , Reggio Emilia , Modena , lan Bologna . [2] Ing laladan-laladan mau keju dipundamel ing biara -biara. [2] Biara-biara mau mapan wonten ing lemah wiyar ingkang cocog kangge ingon sapi. [2] Para biarawan ing mriku remen nandur semanggi lan kangge pakan sapi. Susu ingkang dipunasilaken punika dipunpengaruhi dening panganan ingkang dipunpangan sapi lan semanggi punika maringi rasa unik wonten ing susu ingkang dipunasilaken. [2] Susu mau lajeng dipundamel dados keju Parmigiano Reggiano. [2] Proses anggenipun damel keju punika sampun kathah ewah saking kapanggih ing taun 1200an . [2]

Seratan kuna kapisan ingkang nyebataken babagan keju Parmigiano Reggiano inggih punika seratan saking Adamo Salimbene satunggaling biarawan ingkang manggen wonten ing Parma sakiwa-tengene taun 1200 dumugi 1300 M. [3] Nalika era Romawi , produksi lan kondhangipun keju saking Parma punika dipunserat dening Columella , Varrone lan Marziale . [1] Seratan sanesipun saking abad kaping 16 dening Apicius kanthi irah-irahan De Culinaria . [5] Piyambakipun nyebataken bilih Parmigiano Reggiano utawi Casues Parmensis kalebet ingkang sae piyambak ing Italia lan namung saged katandhingi dening keju Etruria inggih punika Marceolinus utawi Marzolino ingkang sampun cures. [5] Nalika taun 1364 , Giovanni Boccaccio nyebataken babagan Parmigiano nalika ngandharaken babagan Paese di Bengodi utawi lemah legenda ingkang sugih ing karyanipun Decameron . [1] [3] Piyambakipun paring pamrayogi supados nyampur keju mau mawi maccheroni lan ravioli . [1] Seratan Boccaccio mbuktekaken bilih keju mau cekap kondhang ing sadaya laladan lor Italia. [3] Nalika taun 1568 , Bartolomeo Scappi , tiyang Dominika ingkang dados juru masak kangge Paus Pius V nyerat buku masakan ingkang nyebataken bilih keju Parmigiano minangka keju ingkang sae piyambak ing donya. [3] [6]

Wujud lan tekstur [ besut | besut sumber ]

Keju punika awujud bunder kados drum lan gadhah kulit warna kuning alami. [7] Diameter kirang langkung 14-18 inci lan dhuwur 7-9 inci. Bobotipun 24 kilogram. Ing Italia , keju punika dipunsade kanthi tugelan ageng lan kasar. Keju Parmigiano gadhah aroma ingkang legi kados woh-wohan. Rasa saking keju punika kuwat nanging boten landhep, kados nanas seger.

Ugi pirsani [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d Parmigiano-Reggiano DOP , Academia Barilla .
  2. a b c d e f g h Parmigiano-Reggiano, The King of Cheeses , The Nibble .
  3. a b c d e f Parmesan Cheese Buying and Storing Tips , I Love Cheese .
  4. a b c Cheese, Glorious Cheese! Archived 2010-04-02 at the Wayback Machine ., Select Italy .
  5. a b History Archived 2004-10-14 at the Wayback Machine ., Iemmi Parmesan .
  6. Tortellini In Brodo Archived 2008-09-26 at the Wayback Machine ., Coquinaria .
  7. Harbutt, Juliet (2006). The World Encyclopedia of Cheese . Anness Publishing Ltd. ISBN 978-1-84309-960-4 . Page 53.

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]