한국   대만   중국   일본 
Parkir - Wikipedia Menyang konten

Parkir

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Parkir paralel ing Roma , Italia .

Parkir ya iku kaanan ora obah salah sawijining kendaraan sing sifate sedela, amarga ditinggal dening sopire. Miturut hukum diawisi parkir ing tengah dalan raya, nanging parkir ing sebelahe dalan racake dientukake. Fasilitas parkir dibangun bebarengan karo akeh-akehe gedung, kanggo nyukupi kendaraan sing nganggo gedung. Kalebu uga ing njero pangerten parkir ya iku saben kendaraan sing mandek ing papan-papan katentu apik kui sing didudohake nganggo rambu lalu lintas utawa ora, lan ora mung kanggo kepentingan munggahake lan utawa mudunake wong lan utawa barang [1] .

Ana telu jinis parkir sing utama, miturut carane ngatur posisine kendaraan, ya iku parkir paralel, parkir tegak lurus, lan parkir serong.

Ekan Ruang Parkir [ besut | besut sumber ]

Ekan ruang parkir minangka ukuran jembar sing efektif kanggo ndeleh siji kendaraan ( montor , bis /truk, utawa sepedha montor ). Ing jerone wes kalebu ruang bebas sisih kiwa lan tengen kendaraan supaya lawang bisa dibukak kanggo munggah mudun penumpang lan prakawis tartamtu misale ruang gerak kanggo kursi rodha mirunggan kanggo parkir kendaraan panyandang cacat lan ruang bebas ngarep mburi. Manawa tanpa penjelasan, SRP ya iku SRP kanggo mobil penumpang [2] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. http://artikata.com/arti-343831-parkir.html (dipununduh tanggal 21 September 2012)
  2. http://www.scribd.com/doc/74838362/14/PENGERTIAN-PARKIR (dipununduh tanggal 23 September 2013)