한국   대만   중국   일본 
Vatikan - Wikipedia Menyang konten

Vatikan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Negara Kutha Vatikan )
Nagara Kutha Vatikan
Status Civitatis Vaticanae
Stato della Citta del Vaticano
Gendéraning Vatikan
Gendera
Aditamènging Vatikan
Aditameng
Gunagita:   Inno e Marcia Pontificale /Mars Kepausan
Dunungpenering Vatikan
Dunungpenering Vatikan
Jawatbasa Basa Latin
( Basa Italia akeh dianggo)
Government
Paus
Paus Fransiskus
Pietro Parolin
Biskop Agung Giuseppe Bertello
Kamardhikan
11 Februari 1929
Pijembar
? Gunggung
0.44 km 2 (0.17 sq mi) ( 251 )
? Banyu (%)
0
Population
? Pikira-kira 2014
842 [1] ( 251 )
? Ketebdunung
1.877/km 2 (4.9/sq mi) ( 6 )
Artacihna Euro [2] [3] ( EUR )
Laladan wektu UTC +1
Kodhe bel +379
TLD internet .va

Vatikan yaiku nagara mardika paling cilik ing donya, saka ambane wewengkon lan cacahing sing ndunungi. Vatikan iku enklave lan dikubengi kutha Roma ing Italia . Vatikan iku papan panggonane Paus lan wewengkon Takhta Suci , otoritas pusat Greja Katulik .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Tlatah ing kutha Roma kang sadurunge ora ana sing ndunungi iki ( ager vaticanus ) tansah dianggep keramat, malah sadurunge agama Kristen lumebu ing tlatah mau. Taun 326, greja pisanan diwangun ing sakdhuwure panggonan sing diperkiraake makam Santo Petrus . Wiwit wektu samono panggonan iki tansaya akeh dipanggoni warga.

Para Paus sajeroning peran sekulere wiwit ngrembakake prabawa menyang laladan-laladan saubenge lan liwat nagara-nagara Paus mrentah laladan-laladan ing ujung Italia sing suwene punjul sewu taun nganti tengahan abad kaping 18 nalika Italia didadekake siji. Wektu iku laladan nagara Paus disita dening Karajan Italia kang nembe diadegake.


Pulitik [ besut | besut sumber ]

Vatikan iku kaukus unik , sawijining conto saka karajan kang fungsi kepala nagarane, yaiku sang Paus ora diwarisake nanging dipilih kanggo saumur urip dening dewan Kardinal . Anggota dewan kardinal kang bisa milih yaiku kang umure kurang saka 80 taun. Pasemon dewan kardinal kanggo milih Paus iki diarani Conclave lan dianakake ing Kapel Sistina ( Sistine Chapel basa Inggris utawa Chapella Sistina basa Italia ). Tembung Conclave iki asale saka basa Latin cum clavis kang tegese “nganggo kunci”. Maksude para anggota Dewan kang nyekel kunci pemilihan. Tembung cum clavis iki uga duwe teges yen para kardinal dikunci ing Kapel Sistina sajeroning proses pemilihan Paus.

Istilah Takhta Suci ngrujuk marang otoritas, yurisdiksi lan kadhaulatan Paus lan para penasehate sajeroning mimpin greja Katulik Roma . Takhta Suci nduwe hak kang padha karo nagara mawa dhaulat.

Minangka nagara mawa dhaulat, Vatikan uga nduwe hak kanggo ngirim lan nrima diplomat . Para diplomat iki mbutuhake Kedutaan Besar kang kudu manggon ing kutha Roma awit ora ana panggonan ing Vatikan. Mulane ana kaanan kang paradoksal, yaiku Italia nduwe perwakilan ing wewengkone dhewe. .


Geografi [ besut | besut sumber ]

Kutha Vatikan dumunung ing dhuwure bukit Vatikan ing sisih kulon-lor kutha Roma , sawatara atus meter saka Kali Tiber. Tapel watese karo Italia dawane (3,2 km) melu tembok kuthta kang biyen diwangun kanggo nglindhungi Paus saka serangan. Total wewengkon udakara 0,44 km². Saliyane kutha Vatikan, wewengkon Paus uga kalebu sawatara greja wigati, kantor-kantor lan Kastil Gandolpho. Paus minangka Kepala Nagara lan gubernur ngurusi kaperluan sadina-dina.

Ekonomi [ besut | besut sumber ]

Ekonomi Vatikan kang non-komersial iki disokong dening sumbangan saka para umat Katulik saindhenging jagat, dodolan perangko , koin-koin, suvenir turis, iuran lumebu musiyum-musiyum lan dodolan buku lan kalawarta.

Dhemografi [ besut | besut sumber ]

Ameh kabeh 890 warga Vatikan manggon ing jero tembok kutha Vatikan. Para warga, dumadi saka para rohaniawan/rohaniawati lan Tentara Switserlan , yaiku bala sukarela. 100% warga Vatikan nganut agama Katulik . Basa Resmi yaiku Basa Latin , nanging Basa Italia luwih sok dipigunakake sajeroning urip sadina-dina.

Kabudayan [ besut | besut sumber ]

Kutha Vatikan minangka warisan budaya kang wigati. Sawetara gedhong kaya Basilika Santo Petrus , Kapel Sistina lan Museum Vatikan minangka gedhong-gedhong kang endah banget.

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Holy See (Vatican City)" . CIA?The World Factbook . Diarsip saka sing asli ing 23 December 2020 . Dibukak ing 1 July 2014 .
  2. www.vatican.va Holy See Press office ? General Information. Retrieved 23 October 2009.
  3. Sadurunge 2002: Lira Vatikan

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]