한국   대만   중국   일본 
Nestor Kirchner - Wikipedia Menyang konten

Nestor Kirchner

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nestor Carlos Kirchner Ostoi?
President Nestor Kirchner in March of 2007
Presidhen Argentina ke-52
Linggih
25 Mei 2003  ? 10 Dhesember 2007
Wakil Presidhen Daniel Scioli
Kang sadurunge Eduardo Duhalde
Kang sawise Cristina Fernandez de Kirchner
Sekretaris Jenderal Unasur
Linggih
4 Mei 2010  ? 27 Oktober 2010
Bapak Nagara Argentina
Linggih
10 Dhesember 2007 ? 27 Oktober 2010
Kang sadurunge Cristina Fernandez de Kirchner
Kang sawise Kosong
Gubernur Santa Cruz
Linggih
10 Dhesember 1991 ? 25 Mei 2003
Wakil Gubernur Sergio Acevedo (1991-1999)
Hector Icazuriaga (1999-2003)
Kang sadurunge Ricardo del Val
Kang sawise Hector Icazuriaga
Rerincen dhiri
Lair ( 1950-02-25 ) 25 Februari 1950
Rio Gallegos , Argentina
Pati Oktober 27, 2010 ( 2010-10-27 ) (umur 60)
El Calafate , Argentina
Bangsa Argentina
Parte pulitik Front for Victory ,
( Parte Justisialis )
Sisihan Cristina Elisabeth Fernandez
Anak Maximo Kirchner
Florencia Kirchner
Profesi Pengacara
Agama Katolik Roma

Nestor Kirchner , nama jangkepipun inggih punika Nestor Carlos Kirchner Ostoi? (lair ing Rio Gallegos , Argentina , 25 Februari 1950  – pati ing El Calafate , Argentina , 27 Oktober 2010 ing umur 60 taun) inggih punika Presidhen Argentina ingkang njabat wiwit 25 Mei 2003 . Saderengipun, Kirchner njabat gubernur , Provinsi ing Argentina, Santa Cruz ( 1991 - 2003 ). [1]

Masa Timur [ besut | besut sumber ]

Kirchner miyos wonten ing Rio Gallegos , ing provinsi Patagonia , Santa Cruz . apakipun, satunggaling pejabat kantor pos, inggih punika keturunan Switserlan ; ibunipun, Marija Ostoi? , miyos wonten ing Chili selatan, kanthi latar belakang Kroasia . Piyambakipun sinau wonten ing SD lan sekolah menengah nagari wonten ing kutha Rio Gallegos , lan pikantuk ijazah SMU saking Colegio Nacional Republica de Guatemala . [2]

Wiwit timur, Kirchner ndherek sarta wonten ing Gerakan Justicialist ( Movimiento Justicialista ), nalika wiwitan minangka salah satunggaling anggota Peronis Muda, ingkang radikalisme sayap kiwanipun kanthi saestu nentang sanget paprentahan diktatur militer . Wonten ing pertengahan taun 1970 -an, piyambakipun sinau ngelmu hukum wonten ing Universitas Nasional de la Plata lan pikantuk gelaripun nalika taun 1976 . Piyambakipun kondur malih dhateng Rio Gallegos sesarengan kaliyan garwanipun, Cristina Fernandez , ingkang ugi satunggaling pangacara lan anggota Parte Justicialist ( Partido Justicialista , PJ), kangge nindakaken praktik minangka pangacara. Wonten ing masa rezim diktatur Proses Reorganisasi Nasional ing sangandhaping paprentahan Videla , piyambakipun nate dipunkunjara, nanging botten jelas alesanipun lan kangge pinten taun.

Saking palakramanipun kaliyan Cristina Elisabeth Fernandez kekalihipun gadhah kalih putra. Garwanipun, dipunanggep kathah tiyang minangka senjata rahasianipun, kados Evita Duarte tumraping Juan Peron . Kados dene Evita, Cristina langkung remen tampil kaliyan garwanipun.

Piyambakipun dados Presidhen Argentina rikala taun 2003 sasampun menang saking 18 calon presidhen, kalebet Carlos Menem ingkang mundur sekawan dinten sadernegipun pemilu presidhen babak kalih. Penampilan njawi Kirchner boten mitadosaken tiyang bilih piyambakipun minangka panerus tradisi. Kasuksesanipun minangka gubernur miturut para pengkritikipun sanes indikator, amargi Santa Cruz ingkang wonten ing wewengkon Patagonia minangka provinsi ingkang wiyar lan boten kathah warganipun.

Nolak mbayar utang [ besut | besut sumber ]

Barkas:NestorKirchner.jpg
Nestor Kirchner

Kanthi total 102,6 miliar dolar AS utang jaban rangkah, Argentina ngandharaken boten badhe mbayar sadayanipun. Presidhen Nestor Kirchner ngandharaken bilih Argentina namung mbayar US$38,5 miliar ? US$41,8 miliar nalika 13 Januari 2005 ing Buenos Aires . “Tawa langsung dipunluncuraken lan boten dipunewahi malih ewadene wonten panampikan saking para kreditor. Tawa punika saestu boten dipunewahi lan langsung dipuntindakaken,” pangandikaning Presidhen Kirchner. Langkung saking 600.000 kreditor Argentina wonten ing sadaya rangkah donya dipunsuwuni nampi pamanggihipun kanthi bates pungkasan 25 Februari 2005 . [3]

Saking US$41,8 miliar utang ingkang rantamanipun dipunbayar, Argentina nyuwun kreditor, punapa dipunpathok dhedhasar kurs arta ingkang kasamekta, inggih punika peso Argentina, dolar AS, euro, utawi yen. Utang dipunkonversikaken wonten ing wujud obligasi enggal ingkang gadhah jangka wekdal pembayaran dumugi 2045 utawi 40 taun. Pengumuman mau malah damel aji mata uang peso lan regi obligasi minggah. Akibat gagal bayar utang wonten ing taun 2001 , Argentina ngalami krisis ingkang paling ala sadanguning sajarah. Sepalih saking 20 yuta warganipun langsung miskin. Wiwitanipun, Argentina namung badhe mbayar 12% saking total utang luar negerinipun. [4]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  • Guareschi, Roberto (5 Nov. 2005). "Not quite the Evita of Argentine legend". New Straits Times , hlm. 21.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]


Kang sadurunge
Hector Marcelino Garcia
Gubernur Santa Cruz
1991 ? 2003
Kang sawise
Hector Icazuriaga
Kang sadurunge
Eduardo Duhalde
Presidhen Argentina
2003 ?2007
Kang sawise
Cristina Fernandez de Kirchner