한국   대만   중국   일본 
Montor mabur - Wikipedia Menyang konten

Montor mabur

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Montor mabur eksperimental NASA .

Montor mabur iku kendharaan kang bisa mabur ing atmosfer utawa udara . [1] [2] [3] [4]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Montor mabur kang luwih abot saka udara diburake pisanan dening Wright Sasedulur ( Orville Wright lan Wilbur Wright ) kanthi migunakake montor mabur rancangane dhewe kang dijenengi Flyer kang diluncurke taun 1903 ing Amerika Sarekat . Saliyane Wright sasedulur, kacathet saperangan panemu montor mabur liya kang nemu montor mabur, antarane Samuel F Cody kang nglakokake aksine ing lapangan Fanborough , Inggris taun 1910 . Ewadene kanggo montor mabur kang luwih entheng saka udara wis mabur adoh sadurunge. Panerbangan pisanan kanthi migunakake balon udara panas kang tinemu sawijining wong kabangsan Prancis kang jenenge Joseph Montgolfier lan Etiene Montgolfier dumadi nalika taun 1782 , nuli disampurnakake dening wong Jerman kang jenenge Ferdinand von Zeppelin kanthi modhifikasi balon wangun cerutu kang dipigunakake kanggo nggawa penumpang lan barang nalika taun 1900 . Ing taun taun sabanjure, balon Zeppelin nguwasani pangangkutan udara nganti musibah kapal Zeppelin ing lelampahan trans- Atlantik ing New Jersey 1936 kang nengeri akire era Zeppelin sanajan isih dipigunakake nyeraksi Perang Donya II . Sawise jaman Wright, montor mabur akeh ngalami modhifikasi, saka rancang bangun, wangun lan mesin montor mabur kanggo nyukupi kabutuhan transportasi udara.

Motor mabur perang A V-22 Osprey

Pirsanana uga [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Flight Before Flying by David Wragg (Author) Publisher: ?Osprey Publishing; First Edition (2 May 1974)Language: ?English, Hardcover: ?192 pages, ISBN-10: ?0850451655, ISBN-13: ?978-0850451658
  2. World's Air Fleets Hardcover ? 1 May 1969 by David Wragg (Author), Publisher: ?Littlehampton Book Services Ltd; 2nd edition (1 May 1969), Language: ?English, Hardcover:176 pages ISBN-10: ?0711000859, ISBN-13: ?978-0711000858
  3. World's Air Forces Hardcover ? 15 Oct. 1971 by David Wragg (Author), Publisher: ?Osprey Publishing; First Edition (15 Oct. 1971), Language: ?English, Hardcover: ?232 pages, ISBN-10: ?0850450381, ISBN-13: ?978-0850450385
  4. Speed in the Air, Hardcover ? 5 Sept. 1974 by David Wragg (Author), Publisher: ?Osprey Publishing; 1st ed edition (5 Sept. 1974), Hardcover: ?192 pages, ISBN-10: ?0850451752, ISBN-13: ?978-0850451757