한국   대만   중국   일본 
Mineral - Wikipedia Menyang konten

Mineral

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mineral

Mineral

Pangertosan Mineral [ besut | besut sumber ]

Mineral inggih punika dat ragabagan (Ind: organik) ingkang diprelukake salira manawi namung wonten jumlah ingkang boten kathah. Dat ragabagan punika wonten ing makluk hidup ingkang diprelukake wonten proses metabolisme tiyang. Mineral punika kedah wonten ing panganan ingkang saben dinten dipunmadhang, sakmenika sanget butuhake kangge jaga kawarasan awak, jumbuh kaliyan gunanipun dados dat pengatur. Mineral ingkang dipunbutuhake antawisipun besi , dat kapur , yodium , fosforus . [1]

Sumber, guna lan Kebutuhan Mineral gedhe [ besut | besut sumber ]

Mineral ingkang dibetahake dening manungsa saking wonten salebeting siti. Tuwuhan sumber pangan nyerap Mineral ingkang diperlukake lan nyimpen wonten struktur tuwuhan. Kewan dados konsumen tingkat setunggal ginakaken lan nyimpen Mineral wonten awakipun. Dados konsumen tingkat pungkasan, manungsa pikantuk Mineral lan pangan Nabati Hewani . Mineral punika bahan saking Wiragabagan lan watek esensial . Manawi Mineral boten telas dipun-ginakaken dening manungsa mila badhe dipunwedalaken kaliyan awak lan dipunbalikaken wonten lemah. [2] Secara umum guna Mineral punika wonten awak: 1. Melihara keseimbangan Asam awak kaliyan jalan ginakaken mineral pembentukan Asam Klorida , Fosfor , Belerang lan [[Mineral pembentukan Basa , Kapur , Besi , Magnesium]], Kalium , Natrium . 2. Mengkatalisasi reaksi ingkang gegayutan kaliyan pemecahan Karbohidrat , Lemak , Protein sarta pembentukan Lemak lan Protein awak. 3. Dados Hormon , Iodium , gegayutan wonten Hormon Tiroksin , Co wonten vitamin B12, Ca lan P kangge wujud Tulang lan Gigi lan Enzim awak. Fe kalebet wonten aktivitas Enzim Katalase . Sitokrom]]. 4. Mbantu melihara keseimbangan toya awak Klorin , Kalium , Natrium . 5. Pitulung wonten pengiriman isyarat kesadaya awak, Kaslium , Kalium , natrium . 6. Dados perangan cuweran Usus , Kalsium , Magnesium , Kalium lan Natrium . 7. Berperan wonten pertumbuhan lan ngerawat tosan , waja , lan jaringan sanesipun, Kalsium , Fosfor , Fluorin . [[Mineral ingkang dipunbutuhake dening manungsa dipunklasifikasiaken dados kaleh golongan, ya iku mineral gedhe lan mineral Mikro . Mineral gedhe punika mineral ingkang jumlahipun relatif inggil >0,05% saking awratipun slira saking jaringan awak. Mineral mikro punika dados unsur Renik trace element wonten <0,05% saking berat badan. Unsur-unsur mineral gedhe inggih punika Kalsium , fosfor , kalium , Sulfur , Natrium , Klor , Magnesium . Unsur-unsur mineral mikro inggih punika Besi , Seng , Selenium , Mangan , Tembaga , iodium , Molibdenum , Kobalt , Khromium , Silikon , Vonadium , Nikael , Arsen , Fluor . Saben jinis mineral gedhe gadhah guna, lan sumber pangan. [3]

Prabawa Kaluwehan lan Kekirangan Mineral gedhe [ besut | besut sumber ]

Kalsium Ca . Konsumsi Ca ingkang kaluwihan saged njalari angel buang air besar Bebelen lan ganggu penyerapan Mineral kados dat Besi , Seng , Tembaga . Kaluwehan saking Ca punika wonten jangka panjang bakal ningkataken resiko lelara Hypercalcemia saha pambentukan Ginjel saha gangguan guna Ginjel . Fosfor . Ginakaken Fosfor dening awak salah satunggaling dipuntemtukaken kaliyan Rasio antawis Kalsium , lan Fosfor , ingkang idealipun kangge remaja lan tiyang sepuh inggih punika 1:1. Kaluwihan Fosforkaleksanan manawi rasio Kalsium fosfor luwih alit saking setengah utawi 1:2. Kaluwihan Fosfor sapunika ganggu penyerapan Mineral kados Tembaga , Seng , sarta ugi saged memicu tukule Hypocalcemia . Magnesium , kaluwihan Magnesium wonten jangka panjang sami dampakipun kaliyan kekiranganipun Magnesium inggih punika gangguan guna Saraf Neurologikal disturbances . Tandha-tandha sepisanan kaluwihan Magnesium inggih punika Mual , muntah , penurunan darah cendhek, owah-owahan elektro kardiografi lan kelambanan refleks. [4]

Jinis-jinising Mineral [ besut | besut sumber ]

1. Kalsium kalsium inggih punika Mineral ingkang paling ageng wonten badan punika ingkang dibutuhake. Antawis 2-3 persen saking abot awakipun inggih punika Kalsium , manawi 98% sampuk kasimpen wonten tosan saha waja ugi 1 % ing rah . Kalsium ugi mbantu kontraksi lan relaksasi Otot , pembekuan darah , guna Hormon , sekresi enzim , penyerapan vitamin B12 lan pencegahan batu Ginjel kaliyan lelara Jantung . 2. Magnesium Magnesium mbiyantu ngatur kadar kalium lan Natrium wonten slira. Magnesium sanget wigati anggene melihara jaringan Gigi , Tulang , saha Otot , ngatur suhu awak, produksi lan transportasi energi, metabolisme Lemak , Protein , Karbohidrat , Kontraksi , an relaksasi otot , magnesium dipunsimpen wonten tosan saha waja , sabagian wonten rah saha otot . 3. Besi Besi kasimpen wonten Hemoglobin sel darah merah, dat Besi mbeta Oksigen ing sel-sel awak saha mbekta Karbon dioksida medhal saking slira, dukung guna Otot , enzim , protein , saha metabolisme energi . Kekirangan dat besi njalari anemia , kelelahan , sakit Kepala , apatis . Wonten kaleh jinis dat besi wonten panganan: Besil heme gampil dipunserep awak lan tinemu wonten daging , unggas lan ikan . Besi non heme angel ingkang badhe dipunserap wonten tuwuhan kadhas dene Kacang-kacangan , brokoli , bayem , kangkung . awak sapunika namung saged nyerap 20-40 % besi saking sumber hewani lan 5-20 % besi saking sumber nabati. 4. Zinc Seng Zinc wonten ing sadaya awak, utamanipun kulit , rambut , mata . Manawi tiyang jaler nyimpen zinc wonten prostat . Zinc berperan wonten sintesis DNA lan RNA , produksi Protein , insulin , lan sperma . Mbantu wonten metabolisme karbohidrat , lemak , protein , alkohol , tugasipun ngeluaraken karbon dioksida , nyepetake penyembuhan, pertumbuhan, perawatan jaringan awak, lan dukung indera kadostah penciuman lan perasa . Manawi kekirangan zinc nyebapaken gangguan pertumbuhan, kehilangan nafsu makan, penyembuhan lambat, rambut rontok, libido seks cendhek, boten gadhah rasa lan bau lan kesulitan beradaptasi kaliyan cahya wengi. 5. Selenium awak punika mbutuhake selenium wonten jumlah kecil, nanging teratur kangge kesehatan liver hati. Selenium kathah dipuntemukaken wonten lemah , saengga jumlah ingkang pinanggih wonten sayuran lan buah gumantung wonten panggenan tanemipun lan metodhe pertanian ingkang dipun-ginakaken. 6. Kalium, Natrium, Klorida Kalium asring dipunsebat potasium , natrium lan klorida inggih punika mineral ingkang larut wonten darah lan cuweran awak sanesipun. Kalium, natrium, klorida punika terpecah dados ion-ion, lan dhamel cuweran awak tetap konstan lan boten berfluktasi, ugi berperan wonten transportasi glukosa ing sel lan pembuangan limbah, tekanan darah, transmisi impuls saraf, irama jantung lan guna otot. Kekirangan mineral-mineral punika nyebapaken ngantuk, cemas, mual, lemah, detak jantung boten teratur. [5]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. { http://id.shvoong.com/medicine-and-health/nutrition/2105075-pengertian-mineral/}(dipununduh21 [ pranala mati permanen ] september 2012)
  2. >Yuniastuti,ari. Gizi dan Kesehatan .ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:61)
  3. >Yuniastuti,ari. Gizi dan Kesehatan .ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:62)
  4. >Yuniastuti,ari. Gizi dan Kesehatan .ISBN.Graha Ilmu.Yogyakarta.(2008:66)
  5. { http://majalahkesehatan.com/jinis-jinis-mineral-yang-wajib-anda-ketahui/}(Dipun [ pranala mati permanen ] unduh21 September 2012)

Rujukan [ besut | besut sumber ]