한국   대만   중국   일본 
Millard Fillmore - Wikipedia Menyang konten

Millard Fillmore

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Millard Fillmore
Millard Fillmore


Masa jabatan
9 Juli 1850  –  4 Maret 1853
Wakil Presiden Ora ana
Sadurunge Zachary Taylor
Pengganti Franklin Pierce

Masa jabatan
4 Maret 1849  –  9 Juli 1850
Presiden Zachary Taylor
Sadurunge George M. Dallas
Pengganti William R. King

Lahir 7 Januari 1800
Summerhill, New York
Meninggal Maret 8, 1874 ( 1874-03-08 ) (umur 74)
Buffalo, New York
Kebangsaan Amerika
Partai politik Anti-Masonic , Whig , Amerika
Suami/Istri Abigail Powers Fillmore (istri angka 1)
Mrs. Caroline Carmichael McIntosh (istri ke-2)
Almamater New Hope Academy
Pekerjaan Pengacara
Agama Unitarian
Tanda tangan Millard Fillmore's signature

Millard Fillmore (lair ing Summerhill, New York , 7 Januari 1800  – pati ing Buffalo, New York , 8 Maret 1874 ing umur 74 taun) ya iku Presidhen Amerika Sarekat kaping 13, njabat ing taun 1850-1853. [1] Sadurunge, panjenengane njabat dadi wakil presidhen Amerika Sarekat . [2] Panjenegane dadi presidhen amarga konstitusi Amerika, nggantekake Presidhen Zachary Taylor kang tilar donya amarga lelara gastroenteritis kang parah. Millard Filmore njabat telong taun , saka taun 1850 tekan 1853 . Panjenegane ya iku anggota Whig lan semangsa njabat dadi presidhen ora didampingi dening wakil presidhen. Penjenengane kacatet minangka Presidhen Amerika Sarekat keloro kang tilar donya nalika njabat sadurunge dilantik minangka presidhen. [3]

Mllard Fillore lair nalika tanggal 7 Januari 1800 ing kutha cilik praja New York ing njero pondhok kang digawe saka batang kayu ing nduwur kebon kang dibukak lan digarap dening bapake dhewe. [4]

Millard nalika cilik sithik banget entuk kesempatan kanggo ngecap pendhidhikan , nanging panjenengane tekun sinau ukum. Ing imur 23 taun , panjenengane oleh izin kanggo mbukak praktik ukum. Kanthi rikat panjenengane narik perhatiane pulitikus-pulitikus ing New York , salah siji ing antarane mengaruhi Millard Fillmore kanggo makarya ing babagan pulitik. [5]

Ing taun 1832 , nalika yuswane 32 taun , Millard Fillmore kapilih kanggp dadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat Amerika, kalungguhan kang panjenengane geluti sasuwene wolong taun . [6]

Ing taun 1844 , panjenengane nyalonake dhiri kanggo dadi gubernur New York , nanging ora kasil, sabanjure bali maneh nekuni praktik ukum. Petang taun salanjute, panjenegane dicalonake dadi calon presidhen dening Parte Whig, lan entul kamenangan ing pilihan umum. [7] Panjenengane dadi ketua perdebatan sengit ing senat masalah persoaan-persoalan batur tukon lan status laladan-laladan anyar kang dimenangake ing Perang Meksiko 1846-1848. Sikape kang ora mihak karo rong golongan minangka prabawa kang menangake suasana.

Miturut konstitusi Amerika, Millard Filmore disahake dadi presidhen ing 10 Juli 1850 , nggantekake presidhen Zachary Taylor kang tilar donya. Ing wektu iku masalah batur tukon wes mecah belah Amerika . Strategi pulitike kanggo nggabungake pihak-pihak kang padha nentang wes mbiyantu ngundur Perang Sedulur (kang akhire pecah ing taun 1861).

Sawise panjenengane dadi presidhen, Millard Fillmore ngirim pesen kanggo Konggres, njurung salah sijining rencana kanggo kompromi masalah batur tukon. [8] Rencana iku sabanjure ditampa lan kaloka minangka Kompromi 1850. Undang undang iku isine limang rancangan nukokake budak kang didol ing kutha krajan Amerika . Ing pelaksanaane kang atos salah sijining undang-undang iku, panjenengane kelangan akeh panjurung saka partene. Saingga panjenengane kalah ing pamilihan kanggo dadi calon presidhen maneh. Telong taun sawise panjenengane ninggal Gedung Putih, panjenengane dadi calon presidhen saka parte liya, kang panjenengane lumebu dadi anggota, nanging panjenengane ora kasil dipilih. Lekas iku panjenengane dadi salah sijining non-parte. Sanadyan mangkono, panjenengane terus njurung usaha kanggok nengahi lan kompromi masalah-masalah batur tukon, pendiriane kang nentang panggunaan sikara njalari panjenengane kelangan akeh kanca-kancane. Akhire panjenengane mandek saka kagiyatan kemasyarakatan.

Ing 8 Maret 1874 , Millard Filmore tilar donya ing yuswa 74 taun ing keadaan lumpuh. presidhen Millard Filmore ninggal siji putra lan siji putri saka garwane kang kapisan, kang tilar donya ing taun 1853. Saka garwane kang keloro panjenengane ora duwe putra [9] .

Referensi [ besut | besut sumber ]

  • Buku Presidhen-Presidhen Amerika Sarekat, diterbitake dening Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amerika Sarekat, Jakarta (2003)

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]