한국   대만   중국   일본 
Menara London - Wikipedia Menyang konten

Menara London

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
Menara London
Janeng ing Pratelan Warisan Donya
Menara London saking Sungai Thames
Jinis Budaya
Wewaton (ii), (iv)
Rujukan 488
Tlatah UNESCO Eropah
Sujarah prasasti
Prasasti 1988 ( Sesi 12th)

Yang Mulia Pura lan Benteng Karajan , utawi kawentar kanthi nama Menara London inggih punika kastil ingkang ngemu aji sajarah ingkang mapan wonten ing pusat kutha London , Inggris wonten ing pinggiring Sungai Thames . Kastil punika wonten ing kawasan London Borough of Tower Hamlets lan kapisah saking ujung wetan kutha London dening ruang ingkang kabikak lan kawentar kanthi nama Bukit Menara .

Kastil punika dipunyasa nalika taun 1066 dados peranganing Penaklukan Normandia wonten Inggris . Menara punika kalebet peranganing sajarah panaklukan tiyang Normandia , satunggaling wewengkon ing Perancis sisih lor ingkang winatesan kaliyan Selat Inggris . Nalika Duke William saking Normandia nyerang Inggris nalika taun 1066, aksi pisanan sasampunipun ndarat punika yasa kastil utawi menara . sasampunipun penobatanipun ing Westminster Abbey ing dinten natal 1066, Duke William lajeng paring perintah damel astana ing London [1] .

Wonten ing taun 1078 Menara London rampun dipunyasa. Menara utawi kastil ingkang yuswanipun sapunika sampun langkung saking 900 taun punika dados simbol penindasan . Amargi menara punika dipun-ginakaken kangge kunjara awit saking taun 1100. Periode puncak kastil minangka kunjara kapungkasan punika nalika abad kaping 16 lan 17. salah satunggal tokoh ingkang nate dipunpenjara ing papan punika Elizabeth I saderengipun dados ratu [1] .

Fungsi [ besut | besut sumber ]

Menara London punika nate gadhah paraga ingkang wigati ing lelampahaning sajarah Inggris . Menara punika nate dikepung dening musuh saengga menara punika gadhah perang anggenipun njagi nagara Inggris. Menara London sampun dipun alihfungsi aken ginanipun. Ing antawisipun kangge gudang senjata, pusat keuangan, kebun kewan , dalem ingkang resmi tumrap Royal Mint, kantor catatan publik lan papa kangge nyimpen Makutha Permata Britania Raya . Awit saking abad kaping 14 dumugi mangsa pamarentahan Charles II , prosesi panobatan Raja Inggris punika kawiwitan ing menara , dipunlajengaken dhateng Westminster Abbey . Nalika raja nembe boten wonten, wadyabala ingkang dipunwastani Prajurit Menara punika dipunparingi tanggeljawab supados njaga kastil. Jabatan punika kalebet satunggaling kalungguhan ingkang kuwat lan dipupitadosi nalika ing abad tengahan. Nalika abad kapinh 15, menara punika kaginakaken kangge kunjara Kalih Pangeran. Salajengipun , ing Periode Tudor, menara boten dipun-ginakaken malih dados dalemipun karajan, nanging taksih kangge beteng pertahanan.

Fungsi Menara London punika minangka beteng , astana karajan, lan kunjara . Menara punika dipunopeni kanthi sae lan dipunlebetaken kategori minangka salah satunggaling papan ingkang wingit utawi angker lan kathah memedinipun [2] .

Cariyos ing Menara London [ besut | besut sumber ]

Kisah ingkang paling kawentar wonten ing Inggris punika pamenggalan Ratu Anne Boleyn (ratu Inggris 1507 - 1536). Anne Boleyn punika garwa kaping kalih Raja Henry VIII . Raja Henry VIII lajeng megat ingkang garwa Katherine of Aragon , pecah kaliyan Roma lajeng dikucilke amargi tresna marang Anne. Nanging banjur tresnanipun pindah dhateng Jane Seymour . Awit saking punika Anne dituding selingkuh kaliyan kerabatipun George Boleyn, Lord rochford . Raja lajeng damel putusan bilih mantan garwa lan Ratu Inggris punika diparingi ukuman mati lajeng dipunpenggal sirahipun nalika 19 Mei 1536 [3] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b [1] [ pranala mati permanen ] , Kastil (dipun-akses tanggal 22 November 2012).
  2. [2] Archived 2011-01-23 at the Wayback Machine ., Menara London situs warisan donya yang angker (dipun-akses tanggal 22 November 2012).
  3. [3] Archived 2011-05-28 at the Wayback Machine ., Menara London (dipun-akses tanggal 24 Dhesember 2012).