한국   대만   중국   일본 
Martin Van Buren - Wikipedia Menyang konten

Martin Van Buren

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Martin Van Buren
Martin Van Buren


Masa jabatan
4 Maret 1837  –  4 Maret 1841
Wakil Presiden Richard Mentor Johnson
Sadurunge Andrew Jackson
Pengganti William Henry Harrison

Masa jabatan
4 Maret 1833  –  4 Maret 1837
Presiden Andrew Jackson
Sadurunge John C. Calhoun
Pengganti Richard Mentor Johnson

Mangsa jabatan
28 Maret 1829  –  23 Mei 1831
Presiden Andrew Jackson
Sadurunge Henry Clay
Pengganti Edward Livingston

Masa jabatan
1 Januari 1829  –  5 Maret 1829
Wakil Enos T. Throop
Pendahulu Nathaniel Pitcher
Pengganti Enos T. Throop

Masa jabatan
4 Maret 1821  –  20 Dhesember 1828
Pendahulu Nathan Sanford
Pengganti Charles E. Dudley

Lahir 5 Dhesember 1782
Decatur , Alabama [1]
Meninggal Juli 24, 1862 ( 1862-07-24 ) (umur 79)
Kinderhook, New York
Kebangsaan Amerika
Partai politik Dhemokrat-Republik , Dhemokrat , dan Free Soil
Suami/Istri Hannah Hoes Van Buren (1807-1819)
Anak Abraham Van Buren
John Van Buren
Martin Van Buren (1812?55)
Smith Thompson Van Buren
Almamater Kinderhook Academy
Pekerjaan Pengacara
Agama Dutch Reformed [1]
Tanda tangan Martin Van Buren's signature

Martin Van Buren (lair ing Decatur , Alabama , 5 Dhesember 1782  – pati ing Kinderhook, New York, 24 Juli 1862 ing umur 79 taun), jejuluk Old Kinderhook ya iku Presidhen Amerika Sarekat kaping 9 (1837-1841) [2] . Sadurunge Martin njabat dadi Wakil Presidhen kaping 9 (1833-1837) lan mantri jaban rangkah kaping 10 ana ing ngisore pimpinane presidhen Andrew Jackson [3] . Martin lair tanggal 5 Dhesember 1782 ing Kinderhook, New York lan kang dadi presidhen pisanan kang lair sawise Amerika Sarekat mardika [4] . Martin Van Buren wong keturunan Walanda, bapake tani lan duwe warung. [3] Nalika umure 14 taun martin lunga menyang kutha New York lan makarya ing kana dadi juru-tulis, lan ana ing wektu kang padha Martin uga sekolah ing babagan ukum. [3] Nalika umure wis 21 taun Martin entuk ijin kanggo buka praktek ana ing babagan ukum. Martin Van Buren kaloka dadi wong kang pinter, jujur, lan disenengi wong akeh. [3] Kualitas-kualitas iki ndadekake Martin dadi pulitikus kang sukses. [3] Martin jarang banget ngolehake sulaya pulitik ngganggu persahabatan pribadi. [3] Martin Van Buren kanthi rikat dadi populer ana ing babagan pulitik ing New York. [3] Taun 1812 , nalika umure 30 taun, dheweke kapilih dadi anggota senat praja, lan patang taun sabanjure Martin dadi Jaksa Agung New York . [4] Taun 1821 , Martin kapilih dadi Senator Amerika Sarekat, lan kapilih maneh ana ing wiwitan taun 1827. [4] Nanging ing taun iki Martin banjur mundur saka kalungguhan senator kanggo dadi Gubernur New York. [4] Taun 1829 , Martin mundur saka kalungguhan Gubernur kanggo njupuk kalungguhan dadi mantri njaban rangkah ana ing pimpinan Andrew Jackson . [4] Taun 1833 Martin kapilih dadi Wakil Presidhen Amerika Sarekat, ngampingi Presidhen Andrew Jackson . [4]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. pg 5.355 in vol 3 of ALLMER
  2. Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Presidhen-Presidhen Amerika Sarekat.Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.29
  3. a b c d e f g www.whitehouse.gov
  4. a b c d e f www.answers.com