Liverpool F.C.

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Liverpool
Emblem Liverpool
Jeneng jangkep Liverpool Football Club
Peparab The Reds
Diadegake 1892
Lapangan Anfield , Liverpool
Kapasitas 53.394
Ketua John W Henry
Manajer Juergen Klopp
Liga Liga Utama Inggris
2022/23 Liga Utama Inggris (5.)
Seragam kandang
Seragam tandang

Liverpool Football Club iku sawijining klub bal-balan Inggris kang wis kaping 6 njuwarani Liga Champions (biyen Piala Champions ) lan kaping 18 njuwarani Liga Inggris (nganti wiwitan Mei 2019 ). Kandhange ana ing Anfield , kang dumunung watara 4,8 km saka punjer kutha Liverpool .

Klub iki diadegake ing 15 Maret 1892 dening John Houlding , kang duwe Anfield. Houlding mutusake nggawe tim dhewe sawise Everton FC diwetokake saka Anfield sajeroning pasulayan ngenani beya sewa . Wiwitane klub anyar iku jenenge Everton FC nanging diganti dadi Liverpool FC sawise Asosiasi Sepak Bola Inggris utawa FA nulak migunakake jeneng mau.

Liverpool dadi dominan ing taun 1970-an lan 1980-an . Pemain-juru main kang misuwur ing mangsa iku kalebu Ray Clemence , Mark Lawrenson , Graeme Souness , Ian Callaghan , Phil Neal , Kevin Keegan , Alan Hansen , Kenny Dalglish (102 main) lan Ian Rush (346 gol).

Klub iki uga kalibet sajeroning rong tragedi gedhe ing sajarah bal-balan Eropah - ya iku sajeroning tragedi Heysel ing taun 1985 lan musibah Hillsborough ing taun 1989 .

Liverpool kasil ngentukake minor treble , loro gelar domestik ( Piala Liga lan Piala FA ) lan Piala UEFA ing mangsa 2000/01. Sanadyan mangkono, ngentukake "minor treble" dudu bab kang anyar kanggone Liverpool. Ing taun 1984 Liverpool dadi juwara Piala Champions , Piala Liga lan Liga Inggris . Sanadyan dening para pendhukunge dianggep wis gayuhh treble , nanging ora diitung minangka raihan treble .

Pemain Liverpool F.C 2008/09

Prestasi [ besut | besut sumber ]

  • Liga Primer Inggris 19 [1]
    • 1900/01, 1905/06, 1921/22, 1922/23, 1946/47, 1963/64, 1965/66, 1972/73, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1985/86, 1987/88, 1989/90, 2019/20.
  • Juwara Divisi Loro 4
    • 1893/94, 1895/96, 1904/05, 1961/62
  • Juwara Liga Lancashire 1
    • 1892-93
  • Liga Champions 6 [1]
  • Juwara Piala UEFA 3
    • 1972/73, 1975/76, 2000/01
  • Juwara Piala FA 7
    • 1964/65, 1973/74, 1985/86, 1988/89, 1991/92, 2000/2001, 2005/2006
  • Juwara Piala Remaja FA 2
    • 1995/96, 2006/07
  • Juwara Piala Liga 7 [1]
    • 1980/81, 1981/82, 1982/83, 1983/84, 1994/95, 2000/01, 2002/03, 2011/12
  • Juwara Community Shield 15
    • 1963/64 [2] , 1964/65+, 1965/66, 1973/74, 1975/76, 1976/77 [2] , 1978/79, 1979/80, 1981/82, 1985/86*, 1987/88, 1988/89, 1989/90, 2000/01, 2006/07
  • Juwara Piala Super Eropah 4
    • 1977, 2001, 2005, 2019
  • Juwara Piala Super Inggris 1
    • 1985/86
  • Juwara Divisi Siji kanggo Cadangan 16
    • 1956/57, 1968/69, 1969/70, 1970/71, 1972/73, 1973/74, 1974/75, 1975/76, 1976/77, 1978/79, 1980/81, 1981/82, 1983/84, 1984/85, 1989/90, 1999/2000

Liverpool nggayuh era paling apik wektu isih dibawahi Bill Shankly. Pelatih iki sabanjure dadi legenda Liverpool. Dheweke dikurmati amarga kasil nggawa Liverpool bali menyang divisi siji sawise sadurunge ing divisi kaloro sajeroning 8 mangsa. Kanggo ngurmati lelabuhane, digawe reca Bill Shankly ing gaoura Anfield.

Tim utama [ besut | besut sumber ]

Per 18 Agustus 2023. [3]

Cathetan: Gendera nuduhake tim nasional pemain miturut peraturan FIFA . Pemain bisa wae duwe luwih saka siji kewarganegaraan.

No. Pos. Jeneng
1 Brazil GK Alisson Becker
2 Inggris DF Joe Gomez
4 Nèderlan DF Virgil van Dijk
5 Prancis DF Ibrahima Konate
3 Jepang MF Wataru End?
6 Sepanyol MF Thiago Alcantara
7 Kolombia FW Luis Diaz
8 Honggari MF Dominik Szoboszlai
9 Uruguay FW Darwin Nunez
10 Argèntina MF Alexis Mac Allister
11 Mesir FW Mohamed Salah
13 Sepanyol GK Adrian
17 Inggris MF Curtis Jones
No. Pos. Jeneng
18 Nèderlan FW Cody Gakpo
19 Inggris MF Harvey Elliott
20 Portegal FW Diogo Jota
21 Grikenlan DF Kostas Tsimikas
26 Sekotlan DF Andrew Robertson
32 Cameroon DF Joel Matip
43 Sepanyol MF Stefan Bajcetic
45 Brazil GK Marcelo Pitaluga
47 Inggris DF Nat Phillips
62 Republik Irlandia GK Caoimhin Kelleher
66 Inggris DF Trent Alexander-Arnold

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Cathetan [ besut | besut sumber ]

  1. a b c Terbanyak dibandingkan klub Inggris lainnya
  2. a b Gelar dibagi bersama
  3. "Mens" . Liverpool F.C . Dibukak ing 20 Juli 2023 .
Anggota G-14

Nèderlan Ajax | Inggris Arsenal | Sepanyol FC Barcelona | Jerman Bayer Leverkusen | Jerman Bayern Munich

Jerman Borussia Dortmund | Nèderlan PSV Eindhoven | Itali Internazionale | Itali Juventus

Inggris Liverpool | Inggris Manchester United | Itali AC Milan | Prancis Lyon | Prancis Marseille

Prancis Paris Saint-Germain | Portegal FC Porto | Sepanyol Real Madrid | Sepanyol Valencia