Kitab al-Qur'an
Kuran
,
Al-Qur'an
utawa
Qur'an
(
Basa Arab
: ??????) punika kitab sucinipun agama
Islam
. Umat
Islam
pitados bilih Kuran punika pucuk lan panutuping wahyu
Allah
kangge manungsa. Piwulang punika dipunwulangaken marang
Muhammad
kanthi lantaran Malaekat Jibril.
Manawi dipunrunut saking ngelmu basa, Kuran punika tegesipun "wewacan" utawi "kang diwaca bola-bali." Ukara punika saking
qara'a
(?? ?) ingkang tegesipun "maca". Panggianing ukara punika saged dipunmangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
Kuran
Dr. Subhi Al Salih ngandharake tegese Kuran kanthi makaten:
"Kalam
Allah
kang awujud mukjizat kang lumantar
Muhammad
kang tinulis ing mushaf (lembaran) lan diriwayatake kanthi mutawatir (terus nyambung kanthi bener) lan yen maca awujud ngibadah."
Dene
Muhammad
'Ali ash-Shabuni ngandharake kanthi ukara:
"Kuran iku kalam Allah kang tanpa tandhing, tinurunake marang Muhammad pungkasaning para nabi lan rasul, kanthi lantaran malaekat Jibril.as lan tinulis ing mushaf-mushaf kang banjur tekan kita kabeh kanthi mutawatir, lan yen maca lan nyinaoni bakal dianggep ngibadah, kanthi diwiwiti surat Al-Fatihah lan ditutup surat An-Nas"
kanthi katrangan kados ing nginggil punika, Kuran dipunbedakaken kaliyan kitab saderengipun
Muhammad
, yaiku
Kitab Toret
utawa
Injil
.
Ing kitab suci punika ugi wonten katrangan bilih Kuran uga gadhah dasanama utawi sebutan-sebutan sanesipun. Ing basa Indonesia dipunwastani Sinonim utawi persamaan tembung.
- Al-Kitab, KS(2:2),KS (44:2)
- Al-Furqan (kang mbedakake bener luput): KS(25:1)
- Adz-Dzikr (kang menehi pepeling): KS(15:9)
- Al-Mau'idhah (piwulang/pitutur): KS(10:57)
- Al-Hukm (aturan/ ukum): KS(13:37)
- Al-Hikmah (kawicaksanan): KS(17:39)
- Asy-Syifa' (tamba): KS(10:57), KS(17:82)
- Al-Huda (pituduh): KS(72:13), KS(9:33)
- At-Tanzil (kang tinurunake): KS(26:192)
- Ar-Rahmat (kurnia): KS(27:77)
- Ar-Ruh (roh): KS(42:52)
- Al-Bayan (panerang): KS(3:138)
- Al-Kalam (sabda): KS(9:6)
- Al-Busyra (kabar gumbira): KS(16:102)
- An-Nur (cahya): KS(4:174)
- Al-Basha'ir (pituduh): KS(45:20)
- Al-Balagh (pawarta) KS(14:52)
- Al-Qaul (pocapan) KS(28:51)
Gegayutanipun kaliyan kitab-kitab sanes
[
besut
|
besut sumber
]
Kuran ugi wonten gayutipun kaliyan kitab saderingipun (Toret, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim).
- Kuran nuntut supados piyantun Islam pitados bilih kitab-kitab punika wonten KS(2:4)
- Kuran tinitah kangge ngleresaken lan pamawas kitab-kitab saderengipun. KS(5:48)
- Kuran dados referensi kangge ngicalaken sulaya ing antarane rasul-rasul kang beda. KS(16:63-64)
- Kuran ngleresaken sajarah. Ing kitab pungkasan punika wonten carita-carita ngenani umat lan uga rasul-rasul kapungkur. Ing sawatara carita, wonten ingkang boten sami kaliyan menapa ingkang sinerat ing kitab sanesipun.
- Malaekat nglebetaken wahyu dhateng salebeting manahipun Muhammad.
- Malaekat memba rupa dados tiyang jaler lan murukake marang Rasululllah.
- Wahyu tumurun kados dene thing-thingan lonceng.
- Malaekat boten memba rupa dados sinten-sinten lan nekani Muhammad kanthi pawakan aslinipun.
Kuran punika sinusun saking 114 perangan kang sinebut
surat
utawa
surah.
Saben surat dipuncacah malih dados sawatara ayat. Surat kang paling dawa inggih punika Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Sedayanipun wonten 6236 ayat. Angka punika wonten ingkang beda ing antawisipun ahli satunggal lan satunggalipun, nanging wosipun sami. Umumipun namung prakara sulaya cara ngetangipun kemawon. Surat-surat kang dawa dipunperang malih kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembag prakawis tinamtu.
Manawi dipilah saking panggenan tumurunipun, Kuran dipunpilah dados kalih: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah inggih punika surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekah, dene Madaniyah tumurun ing Madinah. Umumipun, surat Madaniyah langkung dawa tinimbang Makkiyah.
Ing pamilahan liyane, Al qur'an dipunpilah dados 30 perangan kanthi dawaning wos ingkang sami. Perangan-perangan punika sinebut jus. Pamilahan punika kangge nggampilake manawi badhe maos Kuran ing wektu satunggal wulan (30 dina).
Wonten malih pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekakeipun:
- Assab’uththiwaal (pitung surat kang dawa). Inggih antawisipun Surat Al-Baqarah, Ali Imran, An-Nisaa’, Al-A’raaf, Al-An’aam, Al Maa-idah, lan Surat Yunus.
- Al Miuun, (punjul satus ayat), inggih antawisipun Surat Hud, Yusuf, Mu'min, lan sapiturute.
- Al Matsaani, (kurang saka satus ayat), inggih antawisipun Al-Anfaal, Al-Hijr, lan liya-liyane.
- Al Mufashshal, (surat-surat cekak), inggih antawisipun Adh Dhuha, Al-Ikhlas, Al-Falaq, An-Nas, lan liyan-liyane.
Saderengipun nyenggol utawa nyekel mushaf Kuran, sawijining muslim supados ngresiki badanipun lan kang wigati wudhu langkung rumiyin. Perkawis punika linandhasan tradisi lan interpretasi literal saking surat Al Waaqi'ah ayat 77 dumugi 79.
Kuran tumurun kanthi dangunipun 23 taun. Mangsa punika dipilah malih dados kalih: Mekah lan Madinah. Jaman wonten Mekah wekdalipun 13 taun, dene Madinah 10 taun, Dados genep ing 23 taun.
Kodifikasi Kuran lan Ngrembakane
[
besut
|
besut sumber
]
Naskah Kuran saka abad ka-7, tinulis ing
aksara Hijazi
.
Miturut saking kalangan
Singah
, sawatawis
sufi
, kaliyan sawatawis ulama
Sunni
, Ali ingkang nata lembaran-lembaran (mus'haf) Kuran kanthi lengkap sasampunipun
Muhammad
seda.
Ing kalangan Sunni, limrahipun, rerangken mus'haf punika karakit sae kanthi sesarengan. Sasampunipun 70 sahabat seda ing
Perang Yamama
, khalifah
Abu Bakar
mutusaken supados wonten Kuran ingakng rinakit kanthi sae. Ing jaman punika, limrahipun tiyang-tiyang sami nyimpen perthalan-perthalan Kuran, kapisah lan boten runtut. Para hafidz (tiyang ingkang apal Kuran) banjur dipunkempalaken, kalebu
Zaid bin Tsabit
. Tiyang-tiyang punika banjur ngumpulaken lembaran-lembaran ingkang sumebar ing sadhengah sahabat lan karakit dados satunggal.
[1]
Naskah Kuran abad ka-9.
Ing warsa
650
, nalika Islam rumambah ing sakiwa tengenipun lempongan Arab, utamanipun ing
Persi
,
Levant
, lan Afrika Lor; Khalifah katelu,
Utsman bin Affan
, mrentahaken supados wonten ana Kuran ingkang baku. Perkawis punika gegandhengan saking pangucapan Kuran kanthi cengkok ingkang benten kaliyan ingkang dipunucapaken ing Madinah lan Makkah. Utsman ngandharaken supados cengkok ingkang dipun-ginakaken punika saking cengkok
Suku Kures
amargi Muhammad saking suku punika. Limang hafidz damel turunan saking mushaf pisanan ing jaman Abu Bakar ingkang kasimpen dening
Hafsah binti Umar
. Mushaf punika banjur kondhang kanthi jejuluk
Mushaf Utsmani
ingkang dados lelandhesan tiyang Islam sadonya dugi dinten sapunika.
[2]
[3]
Wujud Kuran ingkang katedhak punika, ing kalangan sarjana modheren, limrahipun dipunanggep cathethan ngendikanipun Muhammad. Dene, kangge muslim, Kuran punika tumurun saking
Allah
. Punapa kemawon ingkang kapacak ing Kuran asring dados pirembugan ing antaranipun para sarjana, utamanipun gegandhengan kaliyan sajarah Kuran ingkang dianggep saged kemawon keplesed nulis nalika dipunrangkum.
[4]
[5]
Salin basa lan tapsir Kuran
[
besut
|
besut sumber
]
Upaya kangge mangertosi menapa kang wonten ing Kuran tinulad ing sawatara basa lan tinafsir kanthi maneka warna cara. nanging, tapsir punika namung saderma upayaning manungsa lan boten pikantuk nggantos teks aslinipun.
Tarjamah utawi salin basa Kuran utawi salin basa kang literal lan ora disartani interpretasi kang tebih. Salin basa punika boten dianggep taksih dereng bisa diwaos kanthi menapa wontenipun. Kedah tiyang tinamtu kang nguwaosi ngelmu-ngelmu agama lan basa arab kang bener supados mangertos saestu kandhutanipun.
Salin basa ing
Basa Indonesia
ing antawisipun:
- Kuran dan Terjemahannya
, dening Departemen Agama Republik Indonesia.
- Terjemah al-Qur'an
, dening Prof. Mahmud Yunus.
- An-Nur
, dening Prof. T.M. Hasbi Ash-Siddieqy.
Salin basa ing
Basa Jawa
:
- Qur'an Kajawen
(bs. Jawa), dening Kemajuan Islam Jogyakarta
- Al-Ibriz
(Bs. Jawa), dening K.H. Bisyri Mustafa Rembang.
- Kuran Suci Basa Jawi
(bs. Jawa), dening Prof. K.H.R. Muhamad Adnan.
Tepsir Kuran kang kondhang antawisipun:
- Tepsir Ibnu Katsir
- Tepsir Al Jalalain
- Tepsir Al Manar, dening Syeh Muhammad Abduh & Rasyid Ridha
- Tepsir Al Bayan
- Tepsir Al Mishbah dening Prof Quraish Shihab