한국   대만   중국   일본 
Kitab Yudit - Wikipedia Menyang konten

Kitab Yudit

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yudit karo sirahe Holofernes , dening Christophano Allori , 1613 ( Pitti Palace , Firenze , Italia .

Kitab Yudit utawa Judith (saka basa Ibrani : ????????? basa Ibrani Standar Y?hudit , basa Ibrani Tiberias Y?hu?i? sing tegese wong Yahudi wadon), iku kitab Deuterokanonika saka Alkitab . Dadi tegese ora ana versine ing basa Ibrani . Namung ana versine ing basa Yunani sajeroning Septuaginta .

Isi [ besut | besut sumber ]

Lukisan Gustav Klimt, 1901 , Ostenrik .

Kitab iki nyritakake sawijining wong wadon sing bisa ngalahake wong lanang durjana. Ing carita iki ya jendral Holofernes saka Asuriah . Holofernes mbedhah kutha Betulia ing Yudea, wong-wong padha sangsara. Anging ana randha ayu sing pinter lan wani. Dheweke banjur nggodha Holofernes. Sawise iku Holofernes dipateni, sirahe ditigas nganggo pedhange dhewe. Banjur sirahe ditontonake marang wong-wong Betulia.