Kismis

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kismis

Kismis yaiku anggur sing digaringake lan bisa dipangan langsung utawa digunakake ing masakan. Ing abad 11 Masehi wadya salib manuhake kismis ing Eropa sawise bali saka Mediterania . Kismis duwe rasa legi amarga duwe konsentrasi gula sing dhuwur lan upama disimpen kanthi suwe bisa ngristal. Proses iki bisa ndadekake kismis kasar, nanging ora ngowahi pigunane. Dekristalisasi kismis bisa kagawe kanthi cara dikum ana ing cuweran (alkhohol, sari buah, utawa banyu umub) sadhela sawise gulane ajur. Zabib yaiku kismis sing garing. Zabib iku kalebu tembung basa Arab dene kismis iku jeneng saka basa Indonesia saka tembung kishmish ing basa Hindi , Urdu , lan Persi .