한국   대만   중국   일본 
Kesenian Korea - Wikipedia Menyang konten

Kesenian Korea

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Avalokiteshvara dari jaman Dinasti Goryeo.

Kesenian Korea ya iku jinis kesenian kang ngrembaka ing Korea kawit jaman kuna. [1] Ciri-ciri kesenian visual kang diprodhuksi dening rakyat Ujung Korea nuduhake kaprasajan, spontanitas, lan naturalisme . [1]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Artefak seni wiwitan Korea ngindikasekake prabawa Cina , kang dimulai dkanthi ngadege koloni-koloni Cina ing taun 108 SM ing tilase wewengkon karajan Gojoseon . [1] Agama Buda dikenalake saka Cina ing taun 372, dadi sumber inspirasi karya seni bangsa Korea nganti abad kaping 15. [1] Ing mangsa Tiga Karajan , karya-karya seni Korea diciptake kanthi bentuk-bentuk arsitektur pagoda , perhiasan , tembikar , lan ukir-ukiran minangksa dedikasi tumrap Buda. [2]

Wujud keterampilan seni wong saka karajan Goguryeo dituduhake kanthi lukisan dinding ing kuburan-kuburan kuna ing kutha krajan wiwitan Goguryeo (saiki ing Manchuria) lan separone ing Kangseo , provinsi Pyongan Selatan . [2] Wong Silla nyipta seni musik Hyangga kang racake duwe isi syair-syair Buddhis. [2]

Dinasti Goryeo [ besut | besut sumber ]

Buda ngrembaka luwih kuwat ing nagara Goryeo lan dominan ing budaya seni. [2] Ing babagan arsitektur , akeh pagoda, arca lan kuil- kuil Buda diyasa, tuladhane Kuil Buseok lan Kuil Sudeok . [2] Ing mangsa iku musik Cina diimpor saka Tang lan Song kang diarani Dangak lan Aak . [2] Musik-musik iki ngrembaka bareng musik asli, Hyangak . [2] Kira-kira karya seni kang gedhe dhewe saka jaman iki ya iku ( goryeo cheongja ), seni kramik ijo kang didikenalake saka Song nanging diciptakake kanthi gaya kang beda mula bisa narik kawigaten kadang katresnan seni ing Cina lan Timur Tengah. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d Steven, Mark A (2000). Merriam Webster's-Collegiate Encyclopedia . Merriam Webster, Inc , Springfield, Massachusetts. kc. 897. ISBN   0-87779-071-5 . {{ cite book }} : Check |isbn= value: checksum ( pitulung )
  2. a b c d e f g h Nahm. Ph. D, Andrew (2009). A Panorama of 5000 Years: Korean History . Hollym International Corp, Elizabeth, New Jersey. ISBN 0-930878-68-X .

Cithakan:Senibudaya Korea