한국   대만   중국   일본 
Kertu pos - Wikipedia Menyang konten

Kertu pos

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kertu pos kang gambare Greja.

Kertu pos ya iku salembar dluwang kang ukurane kandel utawa digawe saka karton tipis kang dhapure persegi panjang . [1] Kartu pos gunane kanggo nulis lan ngirimake tulisan kang ora usah diwadhahi amplop . [1] Ngirim nganggo kartu pos regane luwih murah tinimbang yen ngirim nganggo layang . [1]

Kertu pos kang sepisanan ing donya digawe ing Ostenrik nalika tanggal 1 Oktober, 1869. [1] Nalika iku kertu pos nduweni jeneng Correspondenz-Karte . Kertu pos lumrahe dikirimke wong-wong nalika lunga ing jaban rangkah kanggo kenang-kenangan kang mratandakake yen dheweke wis tau lunga ing nagara iku. [1] Jeneng Correspondez-Karte iki tegese kertu pos gunane kanggo piranti kang bisa minangka berkoresponden . [1] Akeh kaluwihan saka kertu pos tinimbang nulis layang. [1] Kertu pos luwih sithik nggunakake kertas lan ora prelu nggunakake amplop. [1] Ukurane kang cilik uga kena kanggo nyingkat pawarta kang bakal dikirim marang kang nampa pesen. [1] Ilmu panaliten lan nglumpukake kertu pos diarani deltiologi . [1]

Kartu pos lumrahe ana gambare. [2] Gambar kang ana ing kertu pos kaya ta gambar panggonan kang misuwur ing salah sawijining nagara iku, gambar wong, gambar alam kaya ta gunung , sagara , kapal , kewan -kewan kaya ta kewan kang langka lan dadi cirine nagara iki, utawa gambar wong kang nduweni kalungguhan kang dhuwur ing nagara. [2] Kertu pos uga kena kanggo ucapan Natal , taun baru, lan dina riyaya kaya ta Idul Fitri , lan dina kang dianggep wigati ing nagara iku. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j newsindo.com (dipunundhuh tanggal 17 Juni 2011)
  2. a b c indonesianewsonline.com (dipunundhuh tanggal 17 Juni 2011)