한국   대만   중국   일본 
Kastil - Wikipedia Menyang konten

Kastil

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kastil Neuschwanstein, Jerman
Kastil Malbork Polen

Kastil utawi puri inggih punika yasan ingkang kabangun kangge raja utawi pangeran kaliyan kulawarganipun ingkang pidalem wonten ing mriku. Dumugi abad kaping 15, kastil dipunanggep kuat sanget sesarengan kaliyan majenging teknologi artileri yasan punika lajeng dipuntilaraken dados papan pertahanan. Padatanipun istilah kastil tegesipun winatesan papan dalem-dalem ingkang dipunbentengi nalika jaman tengahan Eropah  ; struktur-struktur sami ingkang gadhah dwifungsi ugi saged kapanggih wonten ing yasan donya kuna. Kastil (castle) saking Basa Latin castellum , diminutrive saking tembung castrum ingkang ateges papan ingkang kabentengan (fortified place) . Wonten ing Basa Perancis chateau , ing Spanyol castillo , lan ing Italia castello [1] .

Kastil punika jinising struktur beteng ingkang dipunyasa dening kaum bangsawan Eropah ing Eropah lan Timur Tengah nalika abad tengahan. Padatanipun kastil punika kangge griya pribadi ( residence ) panguasa utawi bangsawan mulya. Kirang langkung 900 taun , kastil kabangun kanthi wujud ingkang maneka warna kanthi fitur ingkang sanes-sanes, wonten ugi ingkang kados tembok tirai utawi arrowslits .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Kanthi gampil dhefinisi saking kastil ingkang dipuntampi dening para akadhemisi inggih punika papan tinggal beteng pribadi . Babagan punika kontras kaliyan beteng-beteng saderengipun kados Anglo Saxon Burhs lan kutha-kutha ingkang gadhah tembok kados Konstatinopel lan Antiokhia ing Timur Tengah . Kastil-kastil pertahanan asifat boten komunal, nanging kabangun kanthi gadhah kagum feodal lokal kangge pribadinipun piyambak utawi kangge raja .

Saking abad kaping 12 desain kastil pikantuk prabawa saking para Crusader (Prajurit Perang Salib ) ingkang nepangaken perbaikan niru beteng-beteng Byzantine . Kastil-kastil Eropah dados langkung ageng lan laladan ingkang kabentengan dados boten karuan. Panaliten nedahaken bilih kastil gadhah peran ingkang utilitarian ing masarakat feodal . Minangka pelindung, visible landmark , lan sumber kebanggaan kangge para komunitas.

Arsitektur Kastil [ besut | besut sumber ]

Komponen prasaja kangge yasa struktur beteng punika kados watu , semen , lan kayu . Kala wiwitaning rumiyin kastil ngandelaken sesawangan ing sakiwa tengenipun kastil kangge paring kathah penjagaan. kala rumiyin kastil kabangun saking kayu lan dipunyasa wonten ing inggiling bukit Mottes . Amargi gampil kobong lajeng manawi yasa kastil langking kathah ngginakaken watu kanthi tambahan material sanes miturut kersanipun ingkang ndamel.

Ugi pirsani [ besut | besut sumber ]

Bangungan kastil boten namung endah, nanging kathah ngandhut piwulang sajarah lan arsitektur ingkang endah ugi. Kathahipun kastil ingkang wonten dipunjagi amargi gadhah aji sajarah ingkang inggil [2] . Punika kastil-kastil ingkang taksih wonten lan jumeneng kanthi megah:

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. [1] [ pranala mati permanen ] , (id) http://www.htysite.com Archived 2012-11-26 at the Wayback Machine . (dipun-akses tanggal 22 November 2012).
  2. [2] Archived 2012-11-03 at the Wayback Machine ., Pratelan Kastil Tua dan Cantik di Dunia (dipun-akses tanggal 27 November 2012).