한국   대만   중국   일본 
Kajawen - Wikipedia Menyang konten

Kajawen

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wong kang nglakoni tapa Jawa minangka semedhi ing ngisor wit ringin ing mangsa Hindhia-Walanda ( 1916 ).

Kajawen ( Jawa : ??????) iku kapercayan kang dianut wong Jawa kanthi dhedhasar budaya Jawa . Kaya dene agama kang lumrahe ana, kapercayan iki diugemi ajaran-ajarane. Ana maneka warna aliran kejawen kang ana. Nanging kang cetha, manawa Kajawen iku dudu lan ora bisa dipindhaake 'agama', amarga kejawen iku hasile olah-pikir (kaya dene filsafat) wong Jawa , anggone nganggep, nintingi, mangerteni lan nglakoni jantrane uripe klawan gegandhenganne dadi kawula ing alam lan Gusti Sing Nyiptakne.

Ciri mligi Kajawen ya iku anane campuran antarane animisme , agama Hindhu , lan Buda . Agama Islam lan Kristen uga katon lumebu ing kene. Dadi bisa karan yen kapercayan iki siji wujud sinkretisme .

Sawijining ahli antropologi Amerika Sarekat , Clifford Geertz , nate nulis prakara iki ing buku The Religion of Java . Ing kene dheweke nyebut Kajawen iku "Agami Jawi".

Sadurunge agama Hindhu-Budhha lumebu ing Jawa, Kajawen urip dhewe lan lagi katon lebur nalika akeh pralambang Jawa lumebu ing kitab-kitab kuna .

Paguyuban Kajawen [ besut | besut sumber ]

Sawetara paguyuban kejawen dumadi kanggo srawung lan tular kawruh ing urusan kebatinan. Ing antarane:

Kapustakan [ besut | besut sumber ]

Buku

  • Direktur Kepercayaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa (2010). Ensiklopedia Kepercayaan terhadap Tuhan yang Maha Esa (PDF) . Jakarta: Direktorat Jenderal Nilai Budaya, Seni, dan Film Direktorat Kepercayaan terhadap Tuhan yang Maha Esa. {{ cite book }} : CS1 maint: ref duplicates default ( link ) CS1 maint: url-status ( link )
  • Endraswara, Suwardi (2015). Agama Jawa: Ajaran, Amalan, dan Asal-Usul Kejawen . Yogyakarta: Narasi-Lembu Jawa. {{ cite book }} : CS1 maint: ref duplicates default ( link ) CS1 maint: url-status ( link )
  • Pamungkas, Ragil (2006). Lelaku dan Tirakat . Yogyakarta: Narasi. {{ cite book }} : CS1 maint: ref duplicates default ( link ) CS1 maint: url-status ( link )

Esai

Jurnal