Kaisar

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Tembung kaisar asale saka basa Latin caesar kang maune iku jeneng dhiri kaisar Romawi, Julius Caesar . Wiwit Julius Caesar, kaisar-kaisar Romawi migunakke jeneng wurine minangka gelar, sanadyan gelar kaisar Roma kang pisanan lumrahe diwenehake marang Augustus . Ing lumrahe, kaisar bakal mimpin akeh raja -raja cilik sangisore kakuwasaane (kanthi wangun upeti ing jaman biyen). Jeneng wewengkon kang dicekel dening sawijining kaisar karan Kakaisaran , contohe yaiku Kakaisaran Karajan Manunggal, Kakaisaran Byzantium, Kakaisaran Ottoman, Kakaisaran Jepang, lan liya-liyane.

Ing Inggris, kalungguhan kang meh padha yaiku Emperor kanggo kang lanang utawa Empress kanggo kang wadon) lan wewengkon kakuwasaane karan Empire ; ing Ruslan: Tsar ( Czar ); ing Turki: Kasar ; ing Prancis: Empereur ; ing Spanyol: Imperator . Gelar-gelar kang padha ing Asia Wetan ( 皇帝-Huangdi uga 天皇-Tenno ) asale saka sumber kang beda karo kakaisaran Roma, nanging saiki ing basa Indonesia dipigunakake istilah kang padha, yaiku kaisar".

Ing wektu saiki mung panguwasa ing Jepang kang migunakake gelar "kaisar", yaiku Kaisar Akihito kanthi permaisurine Michiko kang dinobatake wiwit taun 1989 kanthi jeneng jaman Heisei . Ing wektu sadurunge, jeneng kaisare yaiku Kaisar Hirohito kang mrentah wiwit taun 1926 tekan taun 1988 kanthi jeneng jaman Showa.

Pirsanana uga [ besut | besut sumber ]