한국   대만   중국   일본 
Kairo - Wikipedia Menyang konten

Kairo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kairo
?????????????
Gendéra Kairo
Gendera
Pamarentahan
 ? Gubernur Dr. Abdul Azim Wazir
Cacah warga (2006)
 ? City 15,907,000
 ?  Urban 8.250.000
 ?  Metro 17,856,000 [1]
Zona wektu EET ( UTC+2 )
 ? Usum panas ( DST ) EEST ( UTC+3 )
Situs web http://www.cairo.gov.eg/C15/C8/EHome/default.aspx
Kairo ing Mesir.

Kairo , ing basa Arab : "???????" , lan di alihaksarakak e kaya al-Q?hirah , iku kutha krajan Mesir .

Tlatah Kairo Raya kang ndunungi kurang luwih 16 yuta jiwa.. [1] Kairo iku kutha metropolitan kang paling akeh kang ndunungi nomer 16 ing donya, lan paling akeh nomer siji ing Afrika . [2] Kutha iki siji-sijine kutha Afrika kang nduwe sistim metro . Dening warga lokal, kutha iki diarani Misr utawa Masr , jeneng nagara iki.

Kutha Kairo tinemu taun 969 minangka tlatah Kalifah Fatimid , lan kutha krajan ekonomi lan administratif kang sabenere yaiku kutha ing sacedhake: Fustat . Sawise Fustat ambruk ing taun 1168/1169, kanggo nyegah supaya ora karebut dening para Satriya Perang Salib Kristen Eropah ( Crusaders ), kutha krajan administratif Mesir banjur dialihake menyang Kairo nagnti saiki.

Sajarah Kairo [ besut | besut sumber ]

Al-Fostat , tinemu taun 751 cedhak kutha-kutha Mesir liyane, kalebu kutha krajan lawas Memphis , Heliopolis , Giza lan beteng Byzantine ing Babylon-ing-Mesir . Fustat sajatine diyasa minangka kutha anyar kanggo garnisun militer wadyabala Arab lan minangka lokasi punjer kang paling cedhak saka Arabia kang bisa diaksed liwat Kali Nil . Fustat dadi punjer regional Islam sajeroning kalamangsa Umayyad lan panggonan pungkasan pemimpin Umayyad, Marwan II , ngadhepi kaum Abbasid . Sabanjure, sajeroning jaman Fatimid , Al-Qahira (Kairo) ing sa-lor-e Fustat, kanthi resmi didadekake kutha krajan ing taun 969 . Atusan taun, Kairo tuwuh lan nyerep kutha-kutha lokal liyane kaya dene Fustat, nanging taun 969 dianggep "taun madeg" minangka kutha modheren. [3]

Ing taun 1250 , para wadya batur tukon Mamluks nguwasani Mesir lan mimpin saka kutha krajan Kairo nganti taun 1517 , yaiku nalika dikalahake dening Ottoman . Wadya Napoleon saka Prancis tau nguwasani Mesir sedhela, yaiku taun 1798 nganti 1801 , sawise iku perwira Ottoman, Muhammad Ali ndadekake Kairo kutha krajan Kraton swatantra wiwit taun 1805 nganti 1882 . Kutha iki sabanjure tiba ing panguwasane Inggris nganti Mesir mardika ing taun 1922 .

Geografi [ besut | besut sumber ]

Kairo dumunung ing gisik lan pulo (dhelta) Kali Nil ing Mesir sisih lor, sakidule titik pamisahan Kali Nil ninggal tlatah ara-ara lan pecah dadi loro.

Perangan kutha lawas dumunung ing sisih wetan kali. Saka kana, kutha iki nyebar mangulon, ngubengi tlatah tetanen ing gisiking Kali Nil . Tlatah sisih kulon iki, diyasa niru kutha Paris dening Ismail Agung ing tengahan abad angka 19, ditandhani anane

Kutha kembar [ besut | besut sumber ]

Wacan terusan [ besut | besut sumber ]

  • Artemis Cooper, Cairo in the War, 1939-1945 , Hamish Hamilton, 1989 / Penguin Book, 1995. ISBN 0-14-024781-5 (Pbk)
  • Andre Raymond, Cairo , trans. Willard Wood. Harvard University Press, 2000.
  • Max Rodenbeck, Cairo ? the City Victorious , Picador, 1998. ISBN 0-330-33709-2 (Hbk) ISBN 0-330-33710-6 (Pbk)
  • "Article: Rescuing Cairo's Lost Heritage - Islamica Magazine, Issue 15, 2006" . Diarsip saka sing asli ing 2007-04-02 . Dibukak ing 2006-12-06 .

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Demographia.com .
  2. Tantangan tuwuhing padunung ing kutha Kairo Archived 2010-10-04 at the Wayback Machine ..
  3. Irene Beeson (September?October 1969). "Cairo, a Millennial" . Saudi Aramco World . kc. 24, 26?30. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-30 . Dibukak ing 2007-08-09 . {{ cite web }} : CS1 maint: date format ( link )

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]