한국   대만   중국   일본 
Kadhaton Deoksu - Wikipedia Menyang konten

Kadhaton Deoksu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kadhaton Deoksu
Deoksugung
Hangul 德壽宮
Hanja 德壽宮
Alihaksara Korea Kang Sinampurna Deoksugung
McCune?Reischauer T?ksugung

Kadhaton Deoksu punika salah satunggaling kadhaton saking Lima Pura Utama Dinasti Joseon . Astana Deoksu punika nate dados dalemipun pemimpin Dinasti Joseon dumugi periode penjajahan Jepang . Jinis yasan ing kompleks Astana Deoksu punika wonten yasan kayu kanthi gaya Barat . Minangka yasan tambahan, ing area kompleks ugi wonten musiyum seni, kebun raya, lan monumen Raja Sejong . Wiwitanipun dipunparingi nama Gyeongungung ( Astana Gyeongun ), astana punika wiwit kondhang awit pungkasan anad kaping 19 lan purwa abad kaping 20 amargi dados latar wingking konflik pulitik antawisipun Dinasti Joseon kaliyan pihak asing. Ing sajarah Korea , Astana Gyeongun dados papan dipun plokamir aken Kamaharajan Han Raya [1] .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Generasi kapisan Astana Deoksu punika vila ingkang dipunyasa ing taun 1450-an minangka papan kangge ngaso Pangeran Wolsan [2] . Vila punika dipunparingi nama Seobyeolgung ( Vila kilen ). Ing pungkasan abad kaping 16, sasampunipun sadaya astana lan kutha krajan Dinasti Joseon musna kobongan amargi Perang pitung taun kulawarga kraton pidalem wonten ing Seobyeolgung dumugi Astana Changdeok pungkasan dipunyasa. Namanipun dipunewahi dados Gyeong-un-gung ( Astana Gyeong-un). Astana Gyeong-un dipuntilar radi dangu sasampunipun Astana Changdeok dipun-ginakaken malih minangka astana resmi. Ing pungkasan abad kaping 19, nalika tiyang Amerika , Ruslan , Prancis , lan Inggris dugi ing Seoul , Raja Gojong pindhah dhateng Astana Gyeongun lan ndadosaken minangka astana utami. Lajeng nama Joseon dipunewahi dados Kamaharajan Han Raya lan nginggilaken statusipun saking raja dados kaisar . Prastawa punika dados simbolisasi bilih Joseon, nagari ingkang nembe dipundesak dening kekuwatan asing sampun medal saking campur tangan Kamaharajan Cina ( Qing ).

Astana punika dipunrenovasi saking taun 1902-1904. Nanging nalika taun 1904 wonten kobongan saengga ngrisak yasan punika. rekonstruksi malih dipunadani dumugi pungkasan taun 1906. Ing taun 1905 Jepang menang wonten ing Perang Russo-Jepang ingkang Ruslan dipunsingkiraken saking Korea lan Kamaharajan Jepang ndherek urusan ing nagari Korea. Nalika januari 1907, Raja Gojong dipunpeksa mandhap saking tahta lan maringaken tahtanipun dhateng putranipun Sunjong . Ing wekdal punika nama Astana Gyeongun dipun-gantos dados Astana Deoksu. Kados astana sanesipun, pamarentah kolonial Jepang mbikak Astana Deoksu dados taman umum.

Ugi pirsani [ besut | besut sumber ]

Gladri [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. [1] [ pranala mati permanen ] , (id) Wisata - kompasiana (dipun-akses tanggal 09 Januari 2013).
  2. Deoksugung: Seoul’s Palace of Virtue , discoveringkorea .