Justinianus I

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Justinianus I
Kaisar Romawi Timur (Bizantium)
Potret Justinianus ing Basilika San Vitale , Ravenna
Kaisar Bizantium
Panjenengan 1 Agustus 527 ? 14 November 565
( &&&&&&&&&&&&&040.&&&&&0 40 taun, &&&&&&&&&&&&&097.&&&&&0 97 dina)
Leluhur Justinus I
Panerus Justinus II
Garini Theodora
Jeneng dawa
Flavius Petrus Sabbatius Justinianus
Wangsa Justinianus
Bapa Sabbatius
Ibu Vigilantia

Justinianus I ( Latin : Flavius Petrus Sabbatius Justinianus ; Grikenlan : Φλ?βιο? Π?τρο? Σαββ?τιο? ?ουστινιαν?? ; 483 ? 13 utawi 14 November 565), limrahipun dipunmangertosi kanthi asma Justinianus yang Agung , inggih punika Kaisar Romawi Wetan (Bizantium) ingkang nguwasani Bizantium saking taun 527 ngantos 565 . [1] Justianus I taksih keponakaanipun Justinus I , tiyang tani saking Thracian ingkang buta huruf, nanging saged minggah drajatipun amargi karier militer ingkang sae saengga saged dados panguwasa kamaharajan Romawi Wetan. [1] Taun 527 , Justin I ingkang boten patutan lajeng ngangkat Justianus minangka pembantu kaisar. [1] Wonten ing pungasanipun taun 527, Justin I tilar donya lan Justianus I dipunangkat dados kaisar. [1]

Wonten ing wekdal kekuwasaanipun, Justianus I tansah hambudidaya amrih kajayaanipun kamaharajan lan saged nelukaken malih sisih kilen Kamaharajan Romawi . [1] Panjenenganipun dados salah satunggalipun “tokoh wigati” wonten ing abad kuna. [1] Nalika panjenenganipun wiwit dados panguwasa ing Bizantium, dipunwiwiti kanthi “renovation imperii” (restorasi kamaharajan) ingkang ambisius. [1] Amargi raos ambisius punika, Justianus I misuwur kanthi sesebatan "Romawi Terakhir" wonten ing historiografi modheren. [2]

Ambisi punika dipunwujudaken kanthi pemulihan sepalih wewengkom Kamaharajan Romawi Kilen , kalebet kutha Roma . [2] Sanesipun punika, wonten ing wekdal kekuwasaanipun Justianus I, wonten panyeratan hokum Romawi Corpus Juris Civilis ingkang taksih dipun-ginakaken minangka lelandhesan tumrapipun masarakat ing nagari modheren. [2] Wonten ing wekdal kakuwasaanipun Justianus I, Bizantium saged dados nagara ingkang ngrembaka, lan program-programipun saged mlampah kanthi sae, kados yasa malih Hagia Sophia ingkang dados pusatipun Ortodoks Wetan . [2] Justianus I dipunanggep minangka santo dening tiyang-tiyang ingkang agamanipun Ortodoks Wetan . Panjenenganipun ugi misuwur ing Greja Lutheran . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  2. a b c d e [ J.F. Haldon. 2003. , Byzantium in the seventh century . Cambridge]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

Cithakan:Pratelan kang Agung