Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Julius Robert Oppenheimer
(
1904
-
1967
) ditepungi minangka ahli
fisika
saka
Amerika Sarekat
.
[1]
Robert iku dadi salah sijine tokoh
Proyek Manhattan
nalika
Perang Dunia II
kang duwe tugas kanggo nggawe
bom atom
kang sepisanan.
[1]
Julius Robert lair ing
New York, New York
lan sinau ing
Harvard
,
Cambridge
, lan
Goettingen
.
[1]
Julius Robert nampa gelar
Ph.D.
nalika taun
1927
kanthi bimbingan
Max Born
ing
Gottingen
kang nalika iku dadi pusat pengembangan
mekanika kuantum
.
[1]
Sawise rong taun lulus, Julius Robert banjur yasa
sekolah
fisika teoretis
ing
Institut Teknologi California
lan ing
Berkeley
.
[1]
Julius Robert Oppenheimer akeh nyumbangake pikiran ing babagan
fisika atom
lan
nuklir
.
[1]
Julius Robert uga nemu
bintang
neutron
lan
nolongan ireng
kang wis disepelekke
astronom
ing wektu kapungkur.
[1]
Nalika
PD II
, Oppenheimer mimpin program
bom atom
Amerika Sarekat
ing
Los Alamos, New Mexico
, lan nalika taun
1947
Julius Robert dadi direktur
Institute of Advanced Study
ing
Princeton, New Jersey
.
[1]
Oppenheimer duwe akeh mungsuh nalika bubar
perang
, awit Julius Robert kang ngusulake pengendalian
energi atom
internasional
lan nentang digawene
bom hidrogen
.
[2]
Nalika taun
1954
Atomic Energy Commission
nerangake yen Robert kalebu wong kang kudu diamanake.
[1]
- ↑
a
b
c
d
e
f
g
h
i
[Susilo, Taufik Adi. Ensiklopedi Pengetahuan Dunia Abad 20. Javalitera. Yogyakarta 2010. Halaman 32-33]
- ↑
history1900s.about.com
(dipunundhuh tanggal 26 Agustus 2011)