한국   대만   중국   일본 
Johannesburg - Wikipedia Menyang konten

Johannesburg

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:Pic-sandton.jpg
Kawasan Sandton ing Johannesburg sing wis dadi lokasi parusahan-parusahan gedhe penggerak ekonomi Afrika Kidul.

Johannesburg iku kutha gedhe dhewe ing Afrika Kidul , uga minangka salah siji kutha gedhe dhewe ing bawana Afrika .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Minangka kutha mawa sajarah kanthi latar wuri sajarah pasulayan Boer (wong tani) Walanda perintis-sing mukim ing Transvaal -karo para penambang kabangsan Inggris , sing mbantu yasa kutha sawise emas tinemu ing taun 1886 ing Witwatersrand . Lokasi sing tembe buri dadi jantung kutha iki ya iku saka babagan lemah sing dinyatakake minangka galian umum. Ing sangisore para komisaris Johann Rissik lan Christian Johanes Joubert , wiwit tuwuh minangka kutha utama ing laladan pertambangan iku, lan dadi pusat jalur sepur ing Afrika Kidul .

Taun 1899 , Perang Boer pecah antara Inggris karo Afrika Kidul (sing dumadi saka Republik Afrikaner Transvaal lan Nagara Bebas Oranye). Simpati donya tumuju marang para pemukim Afrika sing kalibet perang urip-mati kanggo kamardikan, nanging taun 1900 para pemukim iki kalah, lan pertambangan diserahake marang Inggris .

Taun 1922 , penambang putih mogok amarga mrotes panempatan wong kulit ireng ing posisi setengah trampil. Taun 1994 , rakyat Afrika Kidul milih Nelson Mandela minangka presidhen pisanan sing kulit ireng.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  • Beckner, Chrisanne dan Soetrisno, Eddy.2001. Buku Pintar 100 Kutha Besar Bersajarah di Dunia . Jakarta:Ladang Pustaka & Intimedia.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]