Jejudo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jeju
Lokasi
Letak Jeju
Jeneng basa Korea
Hangul : 濟州特別自治道
Hanja : 濟州特別自治道
Alihaksara Anyar : Jeju Teukbyeol Jachi-do
McCune-Reischauer : Cheju T'?kpy?l Chach'ido
Data lan statistik([[{{{tahun}}}]])
Jembar: 1 845,55km²
Pedunung : 560 000 jiwa
Kapadhetan: jiwa/km²
Pamerangan administratif: 2 si
ISO 3166-2 :
Situs resmi: http://www.cyber.jeju.go.kr/

Jejudo utawi ingkang dipunsebat Pulo Jeju inggih punika pulo vulkanik , 130 km kidul saking garis pasisir Korea . Jejudo inggih punika pulo paling ageng lan provinsi ingkang paling alit ing Korea . Wiyaripun lumahing pulo inggih punika 1.846 km2. Paningalan ingkang utami ing Jeju inggih punika Hallasan , gunung ingkang paling ngingggil ing Korea Kidul lan gunung berapi aktif, ingkang nginggilipun 1.950 m dpl. 360 gunung geni satelit laladan gunung berapi utami. [1]

Paningalan ing Jejudo [ besut | besut sumber ]

Jejudo ingkang dumunung ing pungkasan Ujung Korea lan boten tebih saking nagara Jepang . Jejudo gadhah paningalan ingkang endah saking tebing-tebing nginggil, sagara, padang kembang, lan padang wana ingkang wiyar. Jejudo eksotis amargi iklim saking daratan Asia lan 4 mangsa ingkang saged damel sekar-sekar ingkang asri sami kaliyan laladan subtropis . Tuladha sekar ingkang warni-warni, ingkang utami jeruk seogwipo ingkang wentukipun alit, nanging manis.

Gladri [ besut | besut sumber ]

Wisata ing Jejudo [ besut | besut sumber ]

Ing Jejudo wonten papan-papan wisata ingkang sae inggih punika:

  1. Gunung Hallasan , ingkang dumunung ing tengah-tengah saking Jejudo punika gadhah kaendahan ingkang sae. Kaendahan gunung punika saged dipuntingali ing wekdal mangsa atis, sawekdal wonten salju ingkang mandhap.
  2. Pasisir Jungmun , panggenipun boten tebih saking Jeju Jungmun Resort . Pasisir ingkang gadhah wedhi ingkang warni-warni tuladha, cemeng, pethak lan abrit. Pasisir punika sepen, nanging pasisir punika dados lokasi syuting filem ingkang sae.
  3. Musiyum Haenyeo , dipundamel amargi gadhah sajarah tiyang-tiyang wadon ingkang dados panyelem. Tiyang-tiyang wadon punika badhe mundhut mutiara lan kerang ing laut. Haenyeo piyambak ing basa Korea ateges Penyelem Wadon. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. www.new7wonders.com (dipuntingali tanggal 26 September 2011)
  2. www.anneahira.com Archived 2011-10-02 at the Wayback Machine .(dipuntingali tanggal 26 September 2011)