한국   대만   중국   일본 
James A. Garfield - Wikipedia Menyang konten

James A. Garfield

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
James Abram Garfield
Presidhen Amerika Sarekat angka 20
Linggih
4 Maret 1881  ? 19 September 1881
Wakil Presidhen Chester A. Arthur
Kang sadurunge Rutherford B. Hayes
Kang sawise Chester A. Arthur
Rerincen dhiri
Lair 19 November 1831
Moreland Hills, Ohio
Pati September 19, 1881 ( 1881-09-19 ) (umur 49)
Elberon (Long Branch), New Jersey
Bangsa Amerika
Parte pulitik Republik
Sisihan Lucretia Rudolph Garfield
Panggaota Pengacara
Pendidik
Tandha tangan

James Abram Garfield (lair ing Moreland Hills, Ohio , 19 November 1831  – pati ing Elberon (Long Branch), New Jersey , 19 September 1881 ing umur 49 taun) ya iku mayor jendral Wadya Amerika Sarekat , anggota Konggres Amerika Sarekat , Presidhen Amerika Sarekat angka 20 [1] . Kanthi mangsa kalungguhan taun 1881 sasuwene petang wulan. Panjenengane tilar donya ing mangsa jabatane lan diganteni dening wakile, Chester Arthur [2] .

Mangsa cilik [ besut | besut sumber ]

James Garfield lair tanggal 19 November 1831 ing salah sijining pondhok ing praja Ohio [3] . Panjenengane anak bungsu saka petang sadulur. Bapake, pakaryane tani, tilar donya nalika Garfield umure rong taun [4] . Garfield banjur kerja ing tegalan tekan umure 16 taun lan salanjute lunga ing salah sijining kutha ing cedhak kampunge lan makarya ing salah sijining kapal terusan [5] .

Karir pamarentahan lan militer [ besut | besut sumber ]

Pametune saka makarya ing kapal iku kanggo mbeyani pandhidikane.

Ing taun 1856 , panjenengane wisudha saka pamulangan luhur lan dadi mahaguru ing babagan basa lan sastra kuna sasuwene telung taun [6] .

Ing taun 1859 nalika umur 28 taun , Garfield kapilih dadi anggota Senat praja Ohio makili Parte Republik [7] .

Gladri [ besut | besut sumber ]

Referensi [ besut | besut sumber ]

  • Buku Presidhen-Presidhen Amerika Sarekat, diterbitkake dening Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amerika Sarekat, Jakarta (2003)